Rabu, 02 Mei 2012

Serat Panji Narawangsa




Oleh Mas Kumitir





Cariyos Panji Narawangsa ing serat punika namung kajujug. Boten kawiwitan saking cariyos murcanipun Dewi Candrakirana utaawi wontenipun tiyang estri lumebet dhateng kasatriyan ngaken-aken Dewi Sekartaji nanging anjujug lajeng anyariyosaken bingahing penggalijipun Sang Nata ing Jenggala, dene sanajan santun rupi, Dewi Sekartaji sampun wangsul, sarta ingkang raka, Sang Panji, ugi boten anelaki, taksih lestantun tresna malah welas dhateng ingkang garwa, mratandhani, bilih ingkang putra pancen setya dhateng garwa.



PUPUH I



Asmarandana



1. Bungahe marwata siwi, wong agung Cintakapura, miarsa hature Raden, dhuh Raden anak manira, nyawang kang Dhawuhmarma, sukur ing Bathara luhung, setya tuhu manahira.



2. Angandika Sri Bupati, heh Kaki Nilaprabangsa, arinira Raden Sinom, arsa ingsun panggihana, lawan Candrakirana, mumpung becik taunipun, ing besuk Buda Cemengan.



3. Paran kasanira patih, wot sekar Kudanawarsa, saman atur sembahe, sewu jumurung patikbra, lan karsane narendra, leres karsane Sang Prabu, amrih arjane nagara.



4. Yen mangkono kakang patih, punggawa kabeh sawisa, wangunan caosa kabeh, gawea bangsal kang pelag, genya amasang papan, yen medal ing alun-alun, benjing ingayap ing putra.



5. Miwah kaki Jodhi pati, ingong pundhut sukanira, kerana prihen ramene, awot sekar ingkang putra, paduka ji sandika, angayahi dhawuhipun, Sri Narendra ing Jenggala.



6. Lan sira wetokna kaki, donya ing Cintakapura, amriha sukane kabeh, mesakake Kaki Putra, upama sun ringkesa, kyan apatih nembah matur, patikbra dhateng sandika.



7. Angandika Sri Bupati, heh Tumenggung Adiraja, apan ta sira sung konkon, matura yayi Narendra, Kaki Prabu ing Daha, yen putrane uwis rawuh, nanging mangke salin werna.



8. Lan matura yayi Aji, akarsa sun rengga-rengga, iya ingong arak maneh, kalawan Kaki Satriyan, kaya duk masih kenya, yan Ki Putra besuk temu, den gawaa marang Daha.



9. Tumenggung Kalamisani, maranga Tegal Pucangan, matura ing kakang embok, Nyai Ageng ing Pucangan, pondhongana den enggal, pulunane yen salin rupa.



10. apan sampun awotsari, punggawa kalih dinuta, Sang Nata hengkar ngadhaton, Raden Putra Kasatriyan, mantuk ing dalemira, Ki Putra ing Narabangun, sampun eca manahira.



11. Akathah kang badhe selir, anging dereng cinangkraman, pan samya wanodya kaot, awatara kalih dasa, ana anak wong desa, ana anake wong gunung, ana trahing beboyongan.



12. Samya amepek birai, weneh ana gubah sekar, mapag ing paregolame, ana kang anampa toya, weneh ambekta wida, warnane samya yu-ayu, sedheng ngolah guladrawa.



PUPUH II



Dhandhanggula



1. Sakathahe ingkang para selir, apan samya angraupi putra, arerasan sarowange, sadaya sami muwus, ingkang wasta Ni Citraresmi, katuwone waking wang, gung gawe cecenthung, nora nana priyembada, saben dina melarangi kembang ramping, teka nganggur kewla.



2. anauri Nini Nawangresmi, bener bok ayu wecananira, Ki Putra kaningayane, kang kaya awaking sun, nora ketang utang anyilih, lapake olah slira, asaos wong agung, sapa bisa nglakonana, salawase apepilis tiwas aking, baya dipun rampida.



3. Alon mojar Ni Sundayaresmi, kaningaya Raden Kasatriyan, awaking sun katuwone, amangan sarta tuwuk, sinjang lungset asalin, esuk sore wewida, nora dipun ambus, mila kang ati alara, pae bocah meneng yen awareg bukti, aran wus padha tuwa.



4. Kawarnaa Raden Panji prapti, apan lajeng dhateng palataran, kang kuda sinirigake, nyemethi nagasantun, sekar mawur tiba ing siti, para wanita sadaya, pan sami angrebut, weneh amicara ing nala, kadingaren Raden nitih turanggi, baya wus mari brangta.



5. Sigra tumurun saking turanggi, wau sira Raden Kasatriyan, para manis enggar kabeh, weneh masuh sampeyan kalih, ana anungsung warta, rahaden amuwus, iya gusti nira prapta, kusuma ayu ing Daha asalin warni, saking ing pangumbaran.



6. Sailange saking Tilam Wangi, dipun gawa ing Bathari Durga, mapan akeh cintakane, pan salin warnanipun, cilakane kapati-pati, alane pan kaliwat, awake lir lumbung, kulite kadi pandhoga, atiningsun sangsaya awelas asih, dene apindha buta.



7. Sigra lengser sira Raden Panji, wus pinarak neng ing bale kambang, para manis atap kabeh, Ki Putra Marabangun, sigra mundhut pustaka adi, Rama lan Bratayuda, anulya tinembangi, swara lir ngalapna jiwa, nora dangu nulya maos mayat miring, watawis sigang pada.



8. Ni Ragil Kuning anulya prapti, alon matur dhumateng Kang Raka, sarwi gumujeng ature, kakang kawula wau, angedusi Putri Kedhiri, rema jatha agimbal, tingginya gamrudug, awake kaya pandhonga, wulu awak aketel lan isi tinggi, kakang kawula kula tan sotah.



9. Sakalangkung enek kang ati, malah kawula mutah ping sanga, tan kelar mambu entute, dhuh kakang aturing sun, nadyan nyata Putri Kedhiri, aran asalin warna, awake lir lumbung, kakang den gawe punapa, anauri Raden Inu Kartapati, ngethengeken wong tuwa.



10. Nadya warnaa lir werjit cacing, ujer nyata Kusuma ing Daha, iku jer kakangmu dhewe, yen wis panggih lan ingsun, kakangira pan ayu maning, lagi cobaning dewa, marang awaking sun, Ragilkuning alon ngucap, sinten weruh benjing kadi widadari, jer mengko lir denawa.



11. Para manis abela prihatin, pan kasaru Ki Prabangsa prapta, lawan kadang kadeyane, ingkang rayi rinangkul, payo yayi ambeksa rangin, kangen temen pun kakang, lami nora nginum, punapa winalang driya, parandene Sekartaji sampun prapti, kuciwa malih rupa.



12. Ingkang rayi alon aturneki, angladosi kawula pangeran, tan kawarna ing polahe, asrang gamelan umyung, sampun mider kang ponang larih, arak tape waragang, jenewer lan anggur, senggaknya lir gunung kadya kedhasih, keploke atimbalan.



13. Apan sadaya wuru kepati, sakathahe kang kadang kadeyan, apan sami wuru kabeh, wus bubar kang anginum, Ki Prabangsa tinandhu mulih, miwah Ki Panji Putra, Pamberek Pamecut, Jejetan lawan Antunan, samya wuru pra samya tinandhu mulih, sadaya binabayang.



14. Kacarita enjingipun malih, Panji Putra nimbali Prasanta, lawan Dhoyok sakarone, sira padha ngongutus, ngulatana ingkang prayogi, kang gawa kembar mayang, kang anom kang bagus, kakang kang maksih jejaka, ulatna ing desa ingkang paminggir, kang pantes dadya patah.



15. Sampun kesah wulucumbu kalih, karsanira angulati patah, kang bagus anom dhapure, Ki Putra masih lungguh, Ni Onengan den tetakeni, apa sinjange rara, kala mentas adus, kalawan sengkang apa, kakangira Kusuma Adi Kedhiri, matur Dewi Onengan.



16. Sakeh sinjang wastra ingkang Adi, apan cupet tan wonten sedhenga, dadak nyambungi sinjange, sakehe kalpika gung, sami sesak munggeng dariji, kakang gegelanging wang, kala maksih timur, punika dados kalpika, sakathahe kang sengkang datan mantesi, sami lobok sadaya.



17. Ingkang raka angandika aris, besuk uga rara kadangira, ayu lir Ratih warnane, kang rayi pan sumaur, mendahane kayaa dhingin, tumrap kula lananga, tan sudi angingus, hangur akramaa liya, raden rengu den thothoki Ragilkuning, muthah lengser jro pura.



18. Ana ingkang canarita malih, Nyai Ageng Tegal Kapucangan, Pandhita rara jenenge, langkung prihatinipun, saicale Putri Kedhiri, dereng miarsa warta, yen kang putra rawuh, Pandhita rara alenggah, Ki Tumenggung Kalamisani gya prapti, matur sarya awot sekar.



19. amba ingutus dhateng Dewa Ji, rayi paduka atur uninga, paduka katuran age, yen putranta wus rawuh, ingkang musna kala ing wengi, anging asalin warna, salira lir lumbung, kalangkung welas Narendra, pan akarsa dipun panggihaken malih, lawan Putra Paduka.



20. Kalangkung bungah ingkang panggalih, Pandhita Rara kalungkung trustranya, nahan kawarna lampahe, apan anitih tandhu, lampahira Ni Kili Suci, antawis kalih dasa, ingkang mikul tandhu, datan kawarna ing marga, Kili Suci ing Jenggala sampun prapti, nulya manjing kadhatyan.



21. Pandhita Rara manjing ing puri, aningali mring Candrakirana, angadeg gegetan tyase, sigra Rahaden Galuh, malajengi nungkemi sikil, Nyai Tegal Pucangan, amicareng kalbu, baya karsane jawata, anakingsun Putri Adi ing Kedhiri, awarna kaya buta.



22. Pandhita Rara amuwus aris, mendah wruha ing sudarmanira, sira rupamu mangkono, paran darunanipun, sira nyawa amiliha warni, ya ta Candrakirana, alon denya matur, kalane kawula murca, dipun bekta dhateng ing Bathara Durgi, sinelehken pasetran.



23. Sakeh dewa sami nupatani, milah ulah ulanta nanadhang papa, dewa nupatani kabeh, anging kawula besuk, saya ayu lir widadari, sira Pandhita Rara, awelas tyasipun, rinangkul Candrakirana, adhuh Rara pepulunaningsun iki, dene nora kayaa.



24. Abusekan wong ing sanagari, apan sami acaos dandanan , prantine wong duwe gawe, weneh gawe carumpung, kang saweneh tandhu lan joli, ana karya taratag, ana oleh sekul, busekan wong sanagara, kang saweneh acaos kebo lan sapi, samya wong kasinoman.



PUPUH III



S i n o m



1. Yata sinegeg samana, kocapa Putri Kedhiri, sinendhal mayang mring dewa, tinibakken ing wanadri, langkung kawelas asih, binuncang Bathara luhung, kinarya lelampahan, kusumadi ing Kedhiri, lara nangis sambat putra ing Jenggala.



2. Kang karasa manahira, kala sare lawan laki, aneng jroning pepajangan, kusuma dipun keloni, wau marang kang laki, lir angimpi manahipun, kala tiba ing wana, sesambate lir Sundari, kang sinambat pangeran ing dhawuh marma.



3. Ingkang kasongan ngakasa, kang kasangga ing pratiwi, apan ta nora tandhinga, kaya Dewi Sekartaji, Putri Adi Kedhiri, kang anama Raden Galuh, kusuma ing Mamenang, minangka sarine bumi, iya iku musthikane jagat raya.



4. Ayune tanpa tandhinga, kusuma yu ing Kedhiri, amung wadane satunggal, dene tan bisa anangis, lamun kusuma runtik, pegel kaku manahipun, lamun kapegat tresna, tan pegat puteking ati, timur mula pan nora bisa karuna.



5. Ujare wong padhalangan, yen ana kirana nangis, iku dhedhalang korekan, yogya atakona malih, kusuma di Kedhiri, wong anteng ayu aruruh, jatmika solahira, aris aririh yen angling, lamun mesem lir angalapena jiwa.



6. Tegese anteng jatmika, nora darbe tingal malih, nora darbe tingal malih, nora lali dewanira, datan amemar kapti, marang Ki Wanengpati, tegese kusuma ruruh, yen kala angandika, abener amemarahi, basa ruruh tan lali duga prayoga.



7. Laminira aneng wana, kacatur samadya warsi, kalangkung kawelas arsa, tan adhahar tan aguling, ingkang kacipteng ati, tan liyan Ki Marabangun, ingkang sinambat tresna, Raden Inu Jayengpati, kaningaya priyayi Cintakapura.



8. Baya ta nora supena, priyayine Wanengpati, kakang emas Kastriyan, ujare tresna ing mami, sanggupe bareng lalis, anunggal candhi lan arung, priyayine Jenggala, teka cidra ing ubanggi, kaningaya dipateni Kasatriyan.



9. Raden Kuda Rawisrengga, teka tega pisah mami, priyayine Kasatriyan, paran polahira kori, sapa ingkang ngadosi, Ki Undakan Wireng Luhung, nadyan silih kathaha, para manis badhe selir, nora padha lan cethine ingkang murca.



10. Karasa tyase kusuma, kang rama myang ibu sori, amicara jroning nala, adhuh rama Paduka Ji, tanapi ibu sori, adhuh yayi Wukirsantun, adhi ajeng Mindaka, sira akulaka warti, lah karia yayi emas Wukirsekar.



11. Alami aneng ing wana, tansah amangun prihatin, langkung risak manahira, sarira tansah winanting, madhep Bathara ening, datan aetang pakewuh, yayah rena tan ketang, ing rama ibu wus lali, kang karasa amung papane sarira.



12. Akathah cintakanira, maring ing Bathara ening, iku pangraosing manah, kusuma tansah wiyadi, pan arsa ngesthi pati, sarira lupa anglayung, acecoba bancana, sura legawa ing pati, nutuh raga lah Sekartaji matia.



13. Munggah ing sanggar langgatan, kusuma muja semedi, pinatekken raganira, pejah ing sajroning urip, tan ana kang akesthi, amung Bathara kang Luhung, sidhakep suku tunggal, amung dewa kang kaesthi, akeh swara anging nora kapiarsa.



14. Wau ta Resi Narada, medhun saking ngawiyati, arum wijiling wacana, adhuh yoganingsun Nini, lah luwarana Nini, genira muja aminggu, durung mangsane nyawa, Kusuma tilara ragi, amung sira Putri Adi marcapada.



15. Apa sira tedha nyawa, awecaa dipun yekti, anging ta panjaluking wang, aja sira malih-malih, sira muja semedi, akeh dewa padha ambruk, yen enak manahira, dewa kabeh padha muji, Kaki Putra kantaka sapungkurira.



PUPUH IV



P n g k u r



1. Mantuka Nini Kusuma, yayah rena sadayana prihatin, Ki Putra ing Marabangun, siyang dalu kantaka, kaya edan Ki Undhakan Wireng luhung, tan ana ingkang kacipta, amung sira siyang ratri.



2. Kagyat Kusuma ing Daha, amiarsa swara ingkang dumeling, sidhakep winudha sampun, mendhek sang lir kusuma, sigra matur kusuma wacana arum,sinten ingkang asung swara, jawata kaeksi.



3. Duh kawula kaki dewa, arsa wikan dhateng paduka kaki, leheng ngatingala ulun, kawula arsa wikan, wau Resi Narada manabda arum, iya Nini tingalana, ingong eyangmu Nini.



4. Iya Nini tingalana, alinggiha Nini dipun abecik, pun kaki mangkya pitutur, polahe lakinira, apan ana angaku aran sireku, karsane Prabu Jenggala, arsa pianggihken malih.



5. Matur Sang Kusuma Rara, sapa sinten ngaku Putri Kedhiri, mojar Sang Bathara luhung, Nini wong pejagalan, ingkang ngaku warnanira Raden Galuh, sakehe wong ing jro pura, padha kasamaran Nini.



6. Kagyat kusuma ing Daha, amiarsa warta Bathara luwih, amicara jroning kalbu, wong agung Kasatriyan, samar temen Ki Putra ing Marabangun, iku baya pan kinarya, lelakone awak mami.



7. Yen makaten kaki dewa, pan kawula kaki tan arsa mulih, awirang mantuk pukulun, kawula kaki dewa, luhung lamun dhatenga pejah pikulun, mendah ucaping Jenggala, kasusatan idhep isin.



8. Anggur ingsun den punggela, delap urip sira bok Sekartaji, tan dremanira kalangkung, wirang ing ibu rama, sampun takdir apa nutuh sliraningsun, saya angles manahira, Hyang Narada wus udani.



9. Surasane manahira, nulya angling dhuh yoganingsun Nini, aja sira leng-leng mangu, wus prentah jawata, lampahanalah Nini yoganing ulun, pacuwan kirang percaya, pan sira singong kasihi.



10. Mesakaken Jakinira, nadyan krama pan durung jatukrami, lah muliha Nini Galuh, pun kaki rena suka, nulya nembah Retna Kirana amatur, kawula tur pejah gesang, langkung lenggana Hyang kaki.



11. Kang liya saking punika, saparentah kawula anglampahi, nadyan tumeka ing lampus, mojar Sang Hyang Narada, lah hidepen ujaringsun Nini Galuh, datan kena ngowahana, wus pasthine sira Nini.



12. Sang Dyah angling jroning nala, wus pinasthiya baya awak mami, kawratan tan bisa muwus, apegelatining wang, dene nora lenggana ing sang ahulun, kaya ngapa polahing wang, lamun kapaido benjing.



13. Wuwuh wirang ingsun dahat, dene uwis ana angaku mami, luwung baya awakingsun, kapiandela ingwang, apan mesem Resi Narada lon muwus, aja maras atinira, ingsun amomong Nini.



14. Dene kurang kang percaya, ing jawata mangkene karsa mami sira ngong dadeken kakung, ingsun salini rupa, malebua ngawulaa karsaningsun, maring Ki Putra Jenggala, ing kono nggonmu pepanggih.



15. Matur Kusuma ing Daha, benjing lamun wus prapta ing nagari, kawula nedha pukulun, panggiha Raden Putra, anauri Sang Narada manis arum, lah Nini kurang percaya, wus mijila dipun aglis.



PUPUH V



M i j i l



1. Yen makaten karsane Hyang kaki, tan lenggana ingong, Hyang Narada aris ing delinge, iya iku Nini karep mami, mangsa ingsun Nini, amriha ing dudu.



2. Warnanira arsa sun salini, ingkang ayu kaot, awarnaa kakung kang ambancer, lawan karsane dewa kang lueih, estokena Nini, iya putuningsun.



3. Tan antara sirna warna estri, dadi kakung paot, anging rada langguk pasemone, ngularana sajagat tan olik, geter anauri, ngawiyat gumuruh.



4. Resi Narada gumuyu angling, adhuh putuning ngong, dadi kakung abagus warnane, apan kaya Kamajaya ngalih, ngulatana ugi, sajagat tan nemu.



5. Alon matur kang amilih warni, myang kaki turing ngong, swara ulun masih wantah bae, dereng saling masih duk ing estri, kuciwa sayekti, lamun datan patut.



6. Resi Narada gumuyu angling, iya putuning ngong, sinalina swaranira Raden, tan hantara swarane wus dadi, arenyah tur manis, rada grathul-grathul.



7. Resi Narada ngandika aris, lah ta putuning ngong, datan ana kang winaon maneh, swaranira apan uwis salin, dadi sira kaki, wong bagus anulus.



8. Apan sira apaesa kaki, dimen saya kaot, sun pantese lawan busanane, Hyang Narada nyipta busana glis, pranteng ngarsa nuli, kang wastra sinambut.



9. Arja kekampuh jingga linud ing, parada bar ambyor, pan sinuji ing sastra tirahe, ngagem paningset mandhala giri, sinawang ngrimangi, bebadhong kekalung.



10. Linancingan cindhe kara abrit, linud ing peraos, dhuwung tinaturangga pendhoke, alabuwan ukiran sinemi, awewen mas abrit, dhuwung parung santun.



11. Ajamang mas asumping mantesi, pinatik retna byor, sumping capaka klawan rondhone, ginubah sinukmaguna ngrawit, kang amalih warni, tuhu yen binagus.



12. Lir Hyang Asmara angemu brangti, baguse katonton, Sang Hyang Narada leng-leng driyane, aningali kang amalih warni, anjoto tan pangling, pan arsa rinangkul.



13. Putuning ngong wong bagus respati, tan ana winaon, wus apatut lawan busanane, lah ta sira sun wehi kekasih, kang sembada kaki, lan sawarnanipun.



14. Iya sira anama mas kaki, lan proyoganing wong, Ki Undhakan Narawangsa raden, peparaba Wasi Jayengresmi, angakua benjing rare teka gunung.



15. Wis mulia mring Jenggala anging, kaki wekasing ngong, aja liyan sira jujud raden, ngawulaa maring Raden Panji, yen tinakon Nini, tatanen yen matur.



16. Nenontona wong binayangkari, ing besuk Buda Pon, Raden Kasatriyan pangarake, pinanggihken lan Ni Sekartaji, wus karia kaki, manira mit mantuk.



17. Kang malih warna ngaturi bekti, sumungkem ing pangkon, Hyang Narada mumbul kayangan, kari anggana kang malih warna, Wasi Jayengresmi, tedhak saking gunung.



18. Kang sinedya ing Jenggala manik, karsane senonton, lamun Raden Putra ing mangsane, Buda Cemengan binayangkari, Wasi jayengresmi, lampahe lestantun.



19. Wong Jenggala lanang wadon kerig, padha anenonton, padedesan karang dhukuh pereng, lungsinira sami meningali, dennya ngarak benjing, Raden Marabangun.



20. Kawarnaa Wasi Jayengremi, kang abagus anom, kang kapapag mirut bali maneh, sami gawok denira ningali, padha ngiring-iring, maring Raden Gunung.



21. Pan atembak ingkang neningali, ana angling kang wong, dene kaliwat-liwat baguse, lir Hyang Asmara, pantese Ki wasi, Sr Nata karuwun.



PUPUH VI



S i n o m



1. Pan sami leleng kasmaran, sagunge para pawestri, katemben desa tumingal, mring wong bagus linuwih, wenenh becu tan angling, saweneh nora amuwus, ngendi wismane baya, Ki Wasi kang lagi prapti, bagus temen kaya dewa kamanungsan.



2. Sakehe rerencek desa, samya tanya melas asih, pundi ingkang kawingkingan, miwah kang kasedyeng galih, gumujeng sarwi angling, Kuda Narawangsa tengsun, atetakon na apa, dene teka nyalawadi, atetakon ragane pepathak desa.



3. ana dene wismaning wang, aldaka ing Andongwilis, kaloka ing pramudita, Ki Wasi Anjayengresmi, dadi kondhang pawestri, lelanjar lawan bebakul, lan aku prasudukan, dadi lelancuring wukir, aku uga bocah ladak kuwarisan.



4. Dadi bebanthenging arga, ana dene karep mami, sumedya marang Jenggal, ingsun arsa neningali, pangarake Apanji, ia lawan Raden galuh, apa warnane baya, sujalma kang aran Panji, pangarake apan ingsun arsa wuninga.



5. Kathah solaing wanodya, samya kasmaran ningali, mring Undhakan Narawangsa, dene swarane amanis, piyarsa daut ati, sembada lan kang anembung, wau ingkang kocapa, wulucumbu kang tinuding, Sadulumur kalawan Menak Prasanta.



6. Wong loro lagya raraywan, Ki Sadulumur ngacuwis, angamyang sadalan-dalan, juwehipun angliwati, dangu-dangu ningali, yen ana wong rubung-rubung, Sadulumur angucap, rubung-rubung apa ta wong adu ayam.



7. Payo dhoyok pinaranan, Menak Prasanta nauri, kiraka wonten punapa, wau ingkang den tingali, piye kiraka aglis, saksana padha lumaku, Sadulumur Prasanta, prapta ngarsane Ki Wasi, pan melompong kasmaran denya tumingal.



PUPU VII



Asmarandana



1. Angalem sajroning ati, iki wong bagus utama, dene tan ana winaon, Ki wasi kang lagi prapta, dene ta kaya kembar, iya lawan gustiningsun, Raden Putra Kasatriyan.



2. Ki Menak Prasanta angling, saking ing tambet kawula, inggih dhateng making angger, teja-teja sulaksana, dene anyar katingal, leksanane wong abagus, ing wingking pundi pinangka.



3. Kaping kalihe wong benthing, ing ngajeng pundi sinedya, tigas kawuryan rahaden, sinten sinambating nama, angling Ki Narawangsa, sira atakon maring sun, manlemu pinangkaning wang.



4. Ing wukir Cemarawilis, manlemu wismanira, ana dene kasihing ngong, Ki Undhakan Narawangsa, iya jejuluking wang, Ki Wasi Anjayengsantun, bocah ladak kaduluran.



5. Mila tedhak saking wukir, arsa malebu ngawula, mring ingkang dadi panganten, mokal yen nora arsaa, ingsun cinacad apa, amupukhi ing aguna.



6. Menak Prasanta nauri, estu yen Rahaden Putra, pan arsa binayangkare, lan Dewi Candrakirana, benjang Buda Cemengan, anenggih pangarakipun, gih daweg kapasang yoga.



7. Lamun singgih sang apekik, arsa malebu ngawula, inggih dhateng Raden Sinom, kawula dadosa marga, ingkang anglarapane, inggih dhateng sang abagus, sampun dikawalang driya.



8. Kaping kalihipun malih, inggih kawula punika, dhapuripun awon-awon, kang wulucumbu Rahadyan, Putraning Dhawuh marma, lampah kawula ingutus, ngulati badhe pepatah.



9. Inggih kang prayoga enjing, kang anggawa kembar mayang, mendah Rahaden sukane, Kuda Jayengsekar riyak, iku aku dudu wong punuk, datan gelem ngembar mayang.



10. Pantese Rahaden Panji, manthuk-manthuk nunggang jaran, aku angapit ngisore, iya jejalukaning wang, angling Menak Prasanta, gih-inggih sang – a – bagus, sampun dika walang driya.



11. Kawula kang anyaguhi, saking pamundhutanira, Rahaden Arya wiyose, langkung ambek palamarta, aris kang pangandika, amuruki kang balilu, angapura ingkang dosa.



12. Samana pan sampun kering, marang panakawan karo, kalangkung suka kang manah, sira Menak Prasanta, pituwin Ki Sadulumur, angrasa yen angsal karya.



13. Kang kari samya geng brangti, sakehing para wanodya, dadya amirangu kabeh, lali gaweanira, dadi kembang wacana, sandhung jegluk tiba gabrus, sambat Kuda Narawangsa.



14. Nengna wau kang lumaris, warnanen nagri Jenggala, dandanan sampun cumaos, parabote wong angarak, lan kang dadya tontonan, pan donyanira tinawu, Sri Narendra ing Jenggala.



15. Datan pegat siyang latri, kasukan Rahaden Putra, lan kang pra kadeyan kabeh, miwah Putra ing Mamenang, Raden Prawatasekar, samana pan sampun rawuh, dhateng nagri ing Jenggala.



16. Warnanen Dyan Sekartaji, pinarak aneng witana, ingayap ing pawongane, siyang dalu awiraga, nora saya ayuwa, wuwuh saya anggarebyuh, sarira winada jenar.



17. Sira Raden Wukirsari, munggeng ngarsane kang raka, amarikelu mijil ingusapan, aningali kang raka, dene salin warnanipun, sadhatenge pangambaran.



18. Langkung beda lan kariyin, Dyan Dewi Candrakirana, sarira lir tambur amoh, sambada lan dedegira, kadi Bathari Durga, kang ingame siyang dalu, pan amung Rahaden Putra.



19. Kaya agea kapanggih, siyang dalu lir gerantang, nuli kinen manggihake, iya lawan Rajaputra, Dewi Candrakirana, apan tansah gedrag-gedrug, emban inya samya latah.



20. Ya tan Raden Wukirsari, tumungkul angemu waspa, miarsa pangandikane, Dyan Dewi Candrakirana, nora mambu wanodya, solahe lir pendah kakung, baya wus karsaning dewa.



21. Warnanen wau Ki Wasi, ingiring mring panakawan, Sadulumur Prasantane, wus prapta ing Kasatriyan, abdi karo tur mendhak, Paduka karsaan kantun, kawularsa tur uning.



22. Dhateng gusti Raden Panji, angling Kida Narawangsa, iya ingsun kari kene, man lemu lah malebua, matura Rajaputra, karone sampun malebu, marek ing Raden Putra.



23. Ngandika Rahaden Panji, kaya paran ingsun duta, apa sira oleh gawe, umatur Menak Prasanta, inggih gusti pan angsal, kathahe tiyang sapuluh, ingkang badhe dados patah.



24. Angsal ulunta prayogi, kinen bekta kembar mayang, bagus maksih anem-anem, lan malihipun kawula, angsal wasi satunggal, lagya tedhak saking gunung, wasta Kuda Narawangsa.



25. Bagusipun anglangkungi, sajagat tan wonten memba, datan wonten kang winaon, kadya kembar lan Paduka, nanging ta kaotira, saking tawa tawisipun, singa ingkang asepuha.



26. Neng margi kawula tari, pan purun kawula bekata, nanging satunggil cacade, Ki Undhakan Narawangsa, datan waged abasa, pangucape rada langguk, langguke pan amor karsa.



27. Angandika Raden Panji, kakang sira tinambalana, ingsun arsa wruh rupane, ingkang aran Narawangsa, ingkang bagus utama, Prasanta nembah tumurun, pan sampun prapta ing lawang.



28. Wus panggih lawan Ki Wasi, angling Ki Menak Prasanta, lah daweg Sang Prawira Nom, jengandika ingandikan, dhateng kanjeng bendara, Kuda Narawangsa manthuk, apan sarwi angandika.



29. Manlemu sun janji dhingin, ingsun nora bisa basa, yen kanggo mangkene bae, sanadyan ta gustinira, yen kurang palamarta, pasthi aku amit mantuk, tan ajrih Putra Srinata.



PUPUH VIII



S i n o m



1. Mojar Ki Menak Prasanta, sampun walang driya malih, Raden Putra ing Jenggala, balaba alus ing budi, ngapura wong kang sisip, anuduhena kang luput, ngapura kang adosa, samana pan sampun kering, sira wau Ki Undhakan Narawangsa.



2. Nuli malebet gapura, lelakon macan angelih, lembehan korakan kontal, dhuwunge sogleng respati, lewane jungkar angin, sarwi kampuhe sinadhung, riyak gajah ameta, mandheg layangan tinolih, sareng mulat Ki Wasi lan Raden Putra.



3. Dupi tempuh ing paningal, lit kilat barung lan thathit, lir sinendhal kang wardaya, Rajaputra aningali, Ki wasi Jayengresmi, manahe teka kumenyut, lir pendah panjangputra, tiba ing sela binanting, pyar ring tingal dene datan paja muga.



4. Kaya amor ing paningal, lan Ki Wasi Jayengresmi, angandika Rajaputra, panabdane mambu ati, lah katuran mas yayi, kusuma mas yayi, kusuma kang lagi rawuh, kawula tan nyanaa, tan supen jroning guling, yen andika tumedhak ing Kasatriyan.



5. Pan sampun tata alenggah, Ki Wasi lan Raden Panji, angandika Rajaputra, lah ta ingsun basa yayi, saking reseping ati, ngaku sadulur wong bagus, dadya kadang taruna, Kuda Narawangsa angling, sun tarima saking ing pangakunira.



6. Ngandika sang Narpaputra, katambetan ingsun sulaksana, tejane ing wong abecik, sulaksanane yayi, dene ta anyar kadulu, wingking pundi pinangka, miwah kang kasedyeng ati, sajatosipun kakang tigas kawuryan.



7. Sinten sinambating sekar, saking tambetingsun yayi, mesem Kuda Narawangsa, kang sabda apahit gendhis, lamun tambet ing mami, ingsun jalma teka gunung, dene praptaning wang, ing wukir Cemarawilis, tau tata tau jana seseliran.



8. Ki Undhakan Narawangsa, Kasatriyan aran mami, dene ta jejuluking wang, Ki Wasi Anjayengresmi, sambada jeneng mami, pan aku anom abagus, amumpuni ngaguna, pan aku praptameng kawi, aku uga wong baranyak kaduluran.



9. Awanter amara tangan, pan aku rada bambang pring, dadya kondhanging wanodya, pan dadi kidung kakawin, dene para pawestri, aku uga lare jendhul, sira tukua warta, ing wukir Cemarawilis, mila karan Wasi Kuda Jayengsekar.



10. Ana dene karyaning wang, mila tedhak saking wukir, wartane nagri Jenggala, ana wong binayangkari, ingsun arsa ningali, pan tembe durung wikan, aku katemu ing margi, lan manlemu pan aku banjur diajak.



11. Ragane ta baya sira, kang arsa binayangkari, angandika Rajaputra, apan yayi, arsa binayangkari, iya lawan Raden Galuh, mesem jroning wardaya, Kuda Narawangsa angling, Kasatriyan ingsun amidhanget warta.



12. Kang aran Candrakirana, Kasusra yen ayu luwih, sajagat tanpa sasama, Putri Adi ing Kedhiri, Sang Rajaputra angling, iya kaladuk rumuhun, kalane durung ilang, nyata yen ayu linuwih, nanging mengko satekane pangumbaran.



13. Sekartaji malih warna, alane anggleliwati, salirane kaya gajah, mila langkung welas mami, marang Dyan Sekartaji, dene tan dreman kalangkung, dene nora kayaa, kang ati kaya jinait, aningali mring Retna Candrakirana.



14. Miwah rama Sri Narendra, kalangkung welas ningali, marmane yayi manira, pan arsa binayangkari, Ki Wasi Jayengresmi, suka gumuyu sang abagus, mojar sarwi ariyak, loro arane geringsing, den prayitna sira uga Kasatriyan.



15. Pan akeh wong mendha-mendha, kawruhana jaman mangkin, palihan lan larang pangan, pepati angrerebuti, tan wruh nglimang sukoni, kasusu ing butuhipun, Raden Putra Jenggala, ing galih datan kadugi, ing wuwuse Ki Undhakan Narawangsa.



16. Angandika Rajaputra, yayi Wasi Jayengresmi, sira ngawulaa mring wang, haywa sira mulih-mulih, apan ta sira yayi, manira aku sadulur, sira yayi manjinga, kadangsun sudara wedi, ingsun nora duwe kadang amung sira.



17. Angling Kuda Narwangsa, alah iya Raden Panji, apan ta wus katarima, pasihanira ing mami, tan bisa amangsuli, reh ingsun iki wong bagus, nora bisa akrama, lan maninge Raden Panji, aku uga wong bagus widigdeng sastra.



18. Manawa ta kurang sabar, manahira mring mami, ngawulakaken maring wang, kawruhana meda mami, apan ta ingsun ugi, tan keana kapenceng ngayun, apan rada cugetan, panas baran putung ati, bok manawa sira Panji tan derana.



19. Lan malihe medaning wang, sandyan ta sira Panji, aweh prentah marang ingwang, yen nora patut ing tulis, iku aku tan keni, sayekti sira sun suduk, wutah jaringanira, aku uga wong bambang pring, panas baran awanter amara tangan.



20. Yata mesem Rajaputra, pangandikanira aris, ingsun sumangga ing karsa, apan iya sun turuti, nanging ta emas yayi, aja sira mantuk gunung, welasa mring pun gunung, welasa mring pun kakang, idhep-idhep sira yayi, pan prayoga atulung karamat bejat.



21. Mesem Kuda Narawangsa, kang manah kadya jinait, yata Putra ing Jenggala, ingeseman mring Ki wasi, angles karaseng ati, Kuda Narawangsa muwus, lan maning Kasatriyan, medaku sun janji dhingin, bok manawa seli lawan kadangira.



22. Yen padha dhemen maring wang, pan aku wong anyelanthir, aku uga nora kena, yekti padha sun ladeni, nadyan kadangmu estri, yen kasmaran maring ingsun, iya sakehanea, amesthi ingsun ladeni, aku uga bocak ladak kaduluran.



23. Nadyan silih garwanira, Putrane Raja Kedhiri, dyan Dewi Candrakirana, yen kasmaran mring mami, pasthi ingsun ladeni, aku wong bagus anulus, sanadyan sira uga, yen budi ingsun kembari, apan aku wani tandhing kadigdayan.



24. Ngandika Rajaputra, yayo Wasi Jayengresmi, lah apa sakarsanira, apan ingsun anuruti, nadyan Si Sekartaji, lamun sira yayi ayun, ingsun dhateng sumangga, nora duwe ati serik, anging yayi sira aja lunga-lunga.



25. Mesem Ki Wasi ngandika, lan maninge Raden Panji, sakehe kadeyanira, santana myang para mantri, Undhangana prasami, angidhepa marang ingsun, saosa karsaning wang, lan padha konen rersik, aku gething wong jalebut tan resikan.



26. Ngandika Rajaputra, mring santananira Panji, poma sakeh kadanging wang, wadya sakeh para mantri, padha ngidhepa maring parenthahe ariningsun, Ki Kuda Narawangsa, padha sun prentahi yayi, Wasi sasat dewa Suralaya neka.



27. Tumedhak ing Kastriyan, yen pangraose kang ati, yata kang para kadeyan, sadaya asaur peksi, tan lenggana ing kapti, nyaosi ing karsanipun, Ki Kuda Narawangsa, para kadeyan samya sih, ya ta mesem Wasi Kuda Jayengtilam.



28. Ngandika Raja Pinutra, nadyan silih awak mami, apan ta kena suminggah, ing karsane yayi Wasi, yen tilaren upami, asuk sore ingsun lampus, lan haywa lunga-lunga, mung sira telenging ati, apan sira kang dadi panglipur brangta.



29. Riyak Kuda Narawangsa, Ki Satria nyalawadi, pan iku dudu rerasan, kang bangsa anglipur brangti, aku dudu pawestri, pan nora layak pawestri, pan nora layak rinungu, mesem Rahaden Putra, panganikane mrang gendhis, lah ta yayi kaywa kaduk bela tampa.



30. Tegese panglipur brangta, mung sira sadulur mami, pasthi nora betah pisah, lawan sira wong ambenthing, yen sira mulih yayi, pesthi ingsun nuli lampus, mangsa aweta gesang, karane yayi mas Wasi, haywa lunga welasa dhateng pun kakang.



31. Nadyan mbenjing ingsun krama, apanggih lan Sekartaji, sira ingkang anggendhonga, iya marang awak mami, besuk yen ingsun panggih, Kuda Narawangsa muwus, lah iya Kasatriyan, pan ingsun nora kadugi, kaya priye atine wong gegendhongan.



32. Raja Putra angandika, lah ta yayi Jayengresmi, tegese agegendhongan, ing benjing yen ingsun krami, apan ta sira yayi, kang ngrabekken marang ingsun, sira kang maesana, ariningsun wong asigit, yen siyaga sira ingkang basahna.



33. Kalamun ingsun den arak, sira ngapita ing kami, kalamun ingsun amucang, sira ingkang anyaosi, amung sira mas yayi, aja adoh lawan ingsun, yen wus panggih upama, sira dadia pangarik, aja tebah mung sira kusumaning wang.



34. Yata anulya ariyak, mungkur Wasi Jayengresmi, lah iku dudu rerasan, pan nora layak ing kuping, iku anyalawadi, Kasatriyan pangucapmu, yen kober marenana, aja mindho ngucap malih, aku wong aladak tur kaduluran.



35. Yen Sekartaji upama, aku kogawe pangarih, aku wong bagus prawira, pesthi Dewi Sekartaji, kedanan maring mami, pasthine manira rasuk, mangsa wedia sira, baguse pan nora kari, sira putra ingsun trahing gulakentar.



PUPUH IX



Dhandhanggula



1. Yata angling Wasi Jayengresmi, kasatriyan jejalukaning wang, yen sira ngawulakake, sakeh remananingsun, saosana sore lan enjing, aja na ingkang kirang, jejalukaningsun, aku dhemen kampuh sawat, dhasar mori tulisane simbak mangsi, lah iku saosana.



2. Lawan paningset pathola wilis, lancinganingsun cindhe jalamprang, tinaturangga kerise, ingkang tinatah murub, kandelane emas cinawi, landheyane pancula, ngungalan sinemu, akuluk kinanigara, datan arsa angangge jangkeping kalih, sapisan ingsun buwang.



3. Lawan ingsun dhemen asesumping, cepaka wilis ingkang ginubah, sinukmeng tibeng bau, ingsun dhemen ganda kasturi, lah padha saosana, ganda ingkang arum, ingaran jebad kalembak, lah toyane chergulo tier mawar asri, saosa saben dina.



4. Angandika sira Radyan Panji, yayi bok aja jebadan ganda, becik boreh sari bae, Ki Narawangsa muwus, sarwi riyak denira angling, pan aku Kasatriyan, pan dudu wong punuk, lan dudu bocah gorekan, nadyan gunung pan aku tau amukti, lan maninge kareksa.



5. Yen tan sanggup ingsun pamit mulih, marang arga ing Ngrancangkencana, angur atapaa bae, Rajaputra gumuyu, gujengan bae manira yayi, lah aja cecugetan, sumakeyan bagus, lan sumakeyan wong dinama, mengkak-mengkok sithik-sithik nuli mulih, lir rabi tetariman.



6. Alah iya ingsun kang nanggupi, nadyan wuwuha satus mangkana, anging ywa ta mulih bae, welasan marang ingsun, wong abagus sadulur mami, ingsun tan betah pisah, lan sira wong rangkung, mesem Kuda Narawangsa, lan maninge aku anjejaluk Panji, yen ingsun arsa dhahar.



7. Lamun ingsun amundhuta bukti, selirira lan manggung sadaya, kang gawaa rampadane, anglangdenana mring sun, garwanira Si Sekartaji, angapita maring wang, iku kang sun jaluk, lan maninge selirira, roro sisih anggawa badhak ngepeti, iya yen ingsun dhahar.



8. Aku uga Kasatriyan apik, dhedhaharan ingsun kawruhanaa, saosan sega wangen, konen nosoh ping pitu, lamun wuluh ingsun tan sudi, sadaya piring putra, ing rampadaningsun, aku doyan iwak tambra, dhog carubuk terung kerupuk ywa kari, lawan iwak belanak.



9. Angandika mangke Raden Panji, aranana ingkang nora ana, pan ingsun sanggupi kabeh, luwiha saking iku, pan manira sanggup ta yayi, anging ta arining wang, aja mantuk gunung, welasa maring pun kakang, lamun sira muliha ingsun ngemasi, mesem dyan Jayengtilam.



10. Kadeyanira Rahaden Panji, tumingal mring Kuda Narawangsa, agegolong katrisnane, dene wong abagus tulus, datan wonten dipun wahoni, keras kang pangandika, grathul-grathul arum, linge amulet ing driya, kadya kembar lan sira Rahaden Panji, lir satu lan rimbagan.



11. Sira wau Raden Wukirsari, tumingal mring Kuda Narawangsa, tan kena tinambak luhe, ana kraos ing kalbu, miwah sira Rahaden Panji, anom denya tumingal, busangkaning kang luh, ing manah saya kagagas, aningali Ki Wasi Anjayengresmi, tan sah kumejot ing tyas.



12. Angandika Wasi Jayengresmi, Kasatriyan ingsun atetanya, iku ana rare bancer, kaprenah ta apamu, alah iya punika yayi, kadangingsun taruna, dene kasihanipun, iya Radyan Carangwaspa, Panji Anom iku arane ta yayi, lah ta akunen kadang.



13. Ki Undhakan Narawangsa angling, sun petheke Panji dulurira, petheke Panji nyaleweng, pan iku tangguhingsun, rada iku tangguhingsun, rada mlincur sungkan ing kardi, yata Dyan Carangwaspa, alinggih tumungkul, lan maninge ingsun tanya, iku sapa kang kampuh gadhung malathi, pamingset cindhe kembang.



14. Iku yayi rine Sekartaji, Wukirsari Putra Prabu daha, lan ingsun kaprenah ipe, lah akunen sadulur, yata manthuk Dyan jayengsari, sajroning wisma ana, ingkang wanodya yu, sarenteg pangawak dara, pamulune akuning amerak ati, kaprenah apanira.



15. Angandika sira Raden Panji, iya iku yayi kadanging wang, wuragil wanodya dhewe, lah akunen sadulur, sira yogya kang memarahi, mojar Ki Narawangsa, iya sadulurmu, prayogane pinanggihan, Putra Daha mring Rahadyan Wukirsari, tan ana kang kuciwa.



16. Tansah kagagas sajroning ati, genya umulat Ki Narawangsa, miwah Rahaden Panji Anom, karawa Raden Galuh, pasemone Ki Jayengresmi, lawan Candrakirana, amung kaot kakung, pasang rakite sarira, apan tunggal saya karasa ing galih, teka mijil kang waspa.



PUPUH X



M i j i l



1. Sru gumuyu Raden Wukirsari, ragane memoyok, kados pundi gen bucal wiyose, dhateng kakang nimbok Sekartaji, dadya warni esthi, kadang kula sepuh.



2. Latah-latah Wasi Jayengresmi, Kapingkel Sang Anom, langkung suka angguguk guyune, ingsun sidhep sira nora asih, mring kadangmu estri, ya Si Gajah abuh.



3. Den waspada ing tingal kang ening, ywa mengeng pangilon, awasena jroning paesane, tanpa katon amung kang ningali, yen dereng udani, akonen reraup.



4. Mesakake kadangira estri, iya Wukirsinom, paran olihira ngundang Raden, kang kelangan pan sira pribadi, nadyan warna babi, jer kadangmu sepuh.



5. Sira lanang yogya den tangisi, pan ika wong wadon, kang den kasihi mung sira Raden, sira kang yogya den gegandholi, sira Sekartaji, mengko mundhak kukuh.



6. Lamun sira langkungana tebih, gegawanmu abot, lah cekelen dhadhungen gulune, momotana ambene den becik, bok medhaot ing margi, dhadhungen ing eduk.



7. Lan gulune wehana kalinthing, lawan gentha loro, dimene rosa momotane, panirike riakate ngluwihi, yen ana wanadri, watek klinthing krungu.



8. Pelananana dipun ainggil, wehana pepayon, silih den becik iya ambene, apus buntute sangkelat abrit, yen yun anunggangi, anyekela apus.



9. Dyan winarna sira Sang Apanji, datan geguyon, apan sakalangkung pasihane, maring sira Wasi Jayengresmi, tan pisah sanyari, lan Sang Narpasunu.



10. Kawarnaa Dewi Sekartaji, kang ana kadhaton, tansah amboyoing sarirane, wau kang arsa binayangkari, linadenan cethi, atap munggeng pungkur.



PUPUH XI



P a n g k u r



1. Tansah ngadi-adi warna, Sekartaji besuse angliwati, binonyo sariranipun, paras kadi sesabrah, esuk-esuk angambil karya cecenthung, wong ireng aboreh jenar, kadya lele den bumboni.



2. Sarwi angadhep rampadan, Sekartaji datan pegat abukti, gawok sakeh kang andulu, Dewi Candrakirana, iya salamine salin warninipun, nora jamak yen adhahar, sekul tigang bodhag enting.



3. Ingayap kang para inya, angandika Ni Dewi Sekartaji, biyang aku apa patut, olehku awiraga, besok aku yen ketemu kakang brangus, lamun aku linggih jajar, ni inya turira aris.



4. Kalangkung dening sembada, kadi Kamajaya lawan Ratih, asuka Sang Dyah gumuyu, sanget ajukakaan, pantes pisan apan aku Raden Galuh, ingwang Ni Candrakirana, Putri Adi ing Kedhiri.



5. Enya biyung ingsun ganjar, iwak empal iya gegadhon mami, pawongan suka gumuyu, angling Candrakirana, lah sawangen aku biyung dhenok tanggung, sarenteg pangawak dara, jager-jager merak ati.



6. Baya ta nganti punapa, aku iki pinanggihaken maning, kudu nganggo ebol ngasu, iya mangsa bedaa, nora betah ingwang, pisah lawan kangmas Panji.



7. Jamak jenenge wong tuwa, lamun arsa angrengga wong tuwa, lamun arsa angrengga kaya dhingin, ginansarena ing laku, lawan anganti apa, nora arep nuli momong putu bagus, kuning balengah-balengah, tur lanang den kekuciri.



8. Apa nora bungah lawan sun liling-liling, pawongan suka gumuyu, apan sarwi angiwa, pan kapingkel saweneh angucap, nora kayaa Sang Putri.



9. Panggihe durung karuwan, Putranipun kinudang-kudang dhingin, umur kawan dasa dalu, ujare kasundhulan, lagi mengko gawok tumon nora tau, apa nora bosen mana, rong sasi babar ping kalih.



10. Angling Ni Candrakirana, iya benjang biyang yen aku uwis, temu lawan kakang brangus, aku agandhang-gandhang, bari aku alembehan lengkung-lengkung, nuli ingemban tan kelar, sinelehaken ing wentis.



11. Kakang brangus semu payah, teka seba aku welas ningali, aku mundhut cindhe gupuh, kakang brangus sun emban, aneng latar mider ing pethetan darung, sun kebuti kepet Cina, tur bari sun sesindheni.



12. Lagi eca paguneman, Raden Wukirsari malebeng puri, angandika Raden Galuh, kene yayi linggiha, Raden Wukirsari majeng awot santun, suka Ni Candrakirana, mojar sarwi kirig-kirig.



13. Aku kiye nganti apa, Wukirsari temokena tumuli, iya lawan Kang Brangus, aku pan nora sabar, lawas-lawas apa nganti ingsun metu, selak nora betah ingwang, pisah lawan kangmas Panji.



14. Bok aja nganggo den arak, aku biyen pan wis binayangkari, matur Raden Wukirsantun, kakang bok tur kawula, sampun dika sok andhandhang age temu, sampun angucap mangkana, awon pinyarsa pawestri.



15. Andika Putraning Nata, pan memirang jenenge wong pawestri, anganggea tetesing bun, yen kadya duk ing kuna, kakang embok warna paduka yu punjul, mangke salin warna ala, darbea wirang sathithik.



16. Rahaden Wukirsuma, pegel ing tyas dadya kang waspa mijil, mendah salin Rama Prabu, ningali solah dika, baya benjing nora sudi ngaku sunu, dene wiraos andika, sanget denya nglelingsemi.



17. Kados lamun datan arsa, ngaken Putra dhateng paduka benjing, owah salir barangipun, nadyan awak kawula, pan rumaos kalamun wirang kalangkung, dika kang darbe sarira, punapa tan nedya kingkin.



PUPUH XII



Asmaradana



1. Angling Dewi Sekartaji, lah uwis sira merada, aja sira aneng kene, lamun tan bisa tumingal, maring sariraning wang, menenga aja amuwus, tur sira kaperadangan.



2. Yata Raden Wukirsari, lengser saking ing ngajengan, tur sarwi nebah jajane, saha waspa adres medal, gawoke manah ingwang, ingkang becik tan tiniru, aku uga tan pedahan.



3. Ngilangaken dhog sawiji, nora idhep kadang tuwa, lamun ala pambekane, lah ta ginawe punapa, dumeh kadangku tuwa, pan aku nora gegetun, modara dipangan buta.



4. Wau Raden Wukirsari, lajeng dhateng Kasatriyan, marek dhateng Sang Wiranom, mapan ta Raja Putra, akasukan bebeksan, ing siyang dalu anginum, lawan kang para pinutra.



5. Raden wasi Jayengresmi, lagya malebet ing pura, lajeng anjujug kaputren, enggone selir bedhaya, Laju ing dalem pisan, tumingal ing para arum, Ki Wasi tansah jejawat.



6. Kagyat sagung para manis, den nyana Raja Pinutra, pan sami tumurun kabeh, dene Kuda Narawangsa, warnane kaya kembar, lawan Raden Marabangun, pasemone apan nunggal.



7. Tumingal kang para manis, lamun Ki Wasi kang prapta, pan sareng gumuyu rame, apan sampun ingaturan, Undhakan Narawangsa, angandika manis arum, sun tingali para sekar.



8. Dene padha rubung iki, apa ta ingkang ginarap, para selir matur alon, apan daweg amerada, kampuh penganyar-anyar, anging silih dereng sampun, angling Kuda Narawangsa.



9. Olehira anenungging, kaya cinakar ing ayam, nora patut dadi wadon, angur padha cawetana, kambi amikul kranjang, lan aja anganggo pinjung, yen ora bisa merada.



10. Mojar sagung para selir, wong agung waged punapa, amung nandur kenthang cegkeh, nandur kimpul matun gaga, pantune wong aladaka, karyane amadung kayu, mengko sanggup bisa mrada.



11. Saweneh mangkya silir anglir, Ki Undhakan Narawangsa, dene teka langguk bae, sanggup bisa amarada, nadyan silih bangkita, iya wantune wong gunung, mangsa Si angungkulana.



12. Goningsun mangke nenungging, sigra Kuda narawangsa, mundhut kampuh pinaraos, para selir duk tumingal, sami eram sedaya, aningali sang abagus, pan samya kagyat sadaya.



13. Panung ginge mapan sami, lan Dewi Candrakirana, mapan kembar nora roro, traping warna iya tunggal, Ki Kuda Narawangsa, tuhu wignya Sang Abagus, den sambi angura-ura.



14. Wau genira anungging, Ki Undhakan Narawangsa, watara samucang jambe, prandene oleh sakebar, gawok ingkang tumingal, lingsem sakeh para arum, sami tumungkul sadaya.



15. Apan kadya den rewangi, ing widadari Kaendran, Ki Wasi genya meraos, angling Kuda narawangsa, lah padha awasena, sanadya aku wong gunung, aku wignya amerada.



16. Ki Wasi Anjayengresmi, samana binondhet kampuhe, mring sira Dewi Onengan, lah kakang sampun kesah, kawula andika wuruk, tingkahing wong amerada.



17. Kawula dereng abangkit, gumuyu dyan Jayengtilam, apa gawemu wong wadon, nora bisa amerada, angur sira bengkata, katungkul undi lan ujung, lan angur cecawetan.



18. Gumuyu Ni Ragilkuning, ingkang raka cinethotan, Ki Narawangsa wuwuse, dhingin yayi ipenira, Dewi Candrakirana, apa ora amemuruk, yayimas marang ing sira.



19. Ujare Putri Kedhiri, waged salir kabudayan, jare wasis nenun songket, yayi nora guru kuna, matur Dewi Onengan, inggih kalane karuhun, wasis salir pagaweyan.



20. Lan ing mangke malih warni, pan sampun lali sadaya, jugul sakatahe gawe, merada malih bisaa, angantih nora bisa, Ki wasi suka gumuyu, mirsa ature Onengan.



21. Mara sira sun warahi, lah Onengan awasena, enggoningsun ameraos, yata wau winarahan, mring Kuda narawangsa, sinambi amaca Kidung, rengeng-rengeng ura-ura.



22. Suka tyase ragilkuning, sampun genya amerada, Ki Wasi ngandika alon, ingsun arsa tumingala, maring wong abebeksan, nginum ing jaba gumuruh, yayi ingsun sangonana.



23. Ingsun anjaluk sesumping, rokok jambe lawan sedhah, sang Retna gupuh manahe, kang raka wus ingaturan, sesumping gegubahan, suruh carang apu campur, jambe wangi rokok dawa.



24. Apan sarwi den dhedhesi, pan kadi sam-usap tangan, yata anulya tinampen, mring Undhakan Narawangsa, aris kang pangandika, iki yayi pawenehmu, jambe suruh lawan sekar.



25. Sun wehaken Wukirsari, apan iya ingsun warah, lamun sira ingkang aweh, angling Ni Dewi Onengan, kawula boten lila, den wehna ing Wukirsantun, tan duwe sanak wong Daha.



26. Angling Wasi Jayengresmi, lah aweh nora awehna, apan ingsun wenehake, mring Raden Wukirkusuma, sun wewehira, mendah silih bungahipun, yata Ni Dewi Onengan.



27. Matur sarwi awor tangis, pundi kakang Narawangsa, pan gadhahan kula dhewe, nora lila nora suka, jambe sedhah lan sekar, nora lila trus bebalung, den wenehana wong Daha.



28. Mesem Kuda Jayengsari, apan masih kinukuhan, anulya rinebut bae, marang Ni Dewi Onengan, sarta asemu waspa, pundi kakang darbeking sun, sampun dika gegujengan.



29. Boten neja tan angimpi, aweweh Putra ing Daha, dene eman-eman jambe, tan darbe kadang wong Daha, dhateng Wukirkusuma, dadya udreg Sang Raetna yu, rame denya arebutan.



30. Kukuh Kuda Jayengresmi, mojar Ni Dewi Onengan, sampun dika ageguyon, lah pundi darbek kawula, kakangmas Narawangsa, niayanipun kalangkung, ujare mundhut piyambak.



31. Mangkya arsa winehken mring, Wukirsari kula dahat, tan lila kuda turake, dika marang kakang putra, temah dika dinukan, Kuda Narawangsa muwus, lah mara yayi matura.



32. Mapan aku nora wedi, mring kadangmu Kasatriyan, yen tinundhung aku mulih, nora kudu angawula, marang ing kakangira, Dewi Ragilkuning rengu, sarwi angucap Srinata.



PUPUH XIII



S i n o m



1. Lumayu Dewi Onengan, amatur Rahaden Panji, Sang Retna sarwi karuna, parpteng raka anungkemi, Ki Wasi Jayengresmi, kala wau amemundhut, jambe sedhah lan sekar, basane arsa ningali, wang kasukan kawula aturi sekar.



2. Rokok lawan jambe sedhah, sareng sampun den tampeni, inggih dhateng rayi tuwan, Ki Undhakan Jayengsari, karsane ta puniki, pinaringaken Wukirsantun, kawula boten suka, nunten kula rebut wani, rayi tuwan akukuh pan boten suka.



3. Angandika Rajaputra, yayi Wasi Jayengresmi, sira haywa sok bebeda, mring arinira Ni ragil, mesakaken sok nangis, lah wenehna darbekipun, bocah rada ugungan, Kuda Narawangsa angling, nora aweh ya darbeke arinira.



4. Apan si Ragil Onengan, ingsun adu ngambangsari, kalawan Putra ing Daha, ingkang aran Wukirsari, lah iku karsa mami, paran karepira iku, lamun sira runtika, apan ingsun nora wedi, yen kotundhung aku mulih marang arga.



5. Nora kudu ngawula, angur baya aneng wukir, gelem nora agelema, ingsun adu lambangsari, pan iku karsa mami, Kuda Narawangsa muwus, Wukirsari nyaika, pawewehe ragilkuning, rokok dawa lawan sekar gegubahan.



6. Tinampan adherangkalan, inggih kakang trima kasih, mesem Kuda jayengsari, anulya wangsul malih, sarwi ngoglengaken dhuwung, sinered koncanira, mesem tumingal Sang Panji, esemira ing manah asemu brangta.



7. Pan sampun tata alenggah, angandika Raden Panji, lah ya yayi bebasahana, pan ingsun arsa udani, lah pilihana yayi, iya sakeh kampuhingsun, mara yayi Onengan, sira anjukuka pethi, sakeh kampuh saosna ing kakangira.



8. Kang kampuh wus pinilihan, sadaya sami tinampik, mring Undhakan Narawangsa, tan ana den karemeni, singgahna Ragilkuning, tan ana senenga iku, nora mambu yen Putra, kekampuhe nir tan apik, masih nistha carobo kaya wong desa.



9. Cacak Kuda Narawangsa, sanadyan aku wong wukir, konen anganggo tan arsa, yen sun watara ing ati, pasthi yen anggudhigi, dadi pathek lan wewudun, rahadyan kasatriyan, gumujeng atutup lathi, apik temen yayi Kuda Narawangsa.



10. Onengan sira jupuka, kampuh ingsun kang sumampir, pasarean ingkang wetan, bathikane Sekartaji, olehe bathik dhingin, dhapure sawat jalengut, tatkala pepasihan, apan sinambi ambathik, lan paningset iku sira jupukana.



11. pan sampun katur ing ngarsa, saksana dipun tampene, mring Undhakan Narawangsa, ingkang Wasi Jayengresmi, lah iki dhemen mami, sanajan amoha ajur, sanadyan tetambalan, apan ingsun golong pikir, cilik mula kang sun dhandhang kampuh sawat.



PUPUH XIV



Dhandhanggula



1. Angandika Wasi Jayengresmi, mundhut sekar sigra nulya prapta, cepaka tekan rondhone, kang sekar sigra katur, mring Ki wasi ginubah aglis, kang kinarya kenaka, genya ngrujit santun, tuhu wignya angegubah, langkung pelag rerujitane Ki Wasi, tan ana kang kuciwa.



2. Tan adangu ponang sumping dadi, araning gubah sinukmeng guna, tibeng jaja jaja angeronce, Ki wasi alon muwus, lah mangkene wong ngrujit sari, nadyan ingsun wong gunung, lah mara tandhingen uga, lan olehe angrujit Ni Sekartaji, mesem Prabu Atmajaya.



3. Yata wau Wasi Jayengresmi, sigra wau genira kampuhan, malebeng jrone krobonge, apeteng tan kadulu, wau sira Rahaden Panji, tansah grahiteng nala, paran semunipun, yayi Kuda Narawangsa, dene silih apike kepati-pati, butarepan isinan.



4. Teko nora keduga ing ati, yayi Kuda Wasi jayengsekar, bagus tan ana tandhinge, amung isinanipun, ingkang dadi rasaning ati, sampun denya kapuhan, respati dinulu, dhuwung klabang kapipitan, kekepuhe dinulu teka mantesi, wewiron layu anyang.



5. Sasolahe teka gawe brangti, kunca panjang anerampat lemah, sinadhung-sandhung kampuhe, panisetipun ukup, alancingan cindhe kinawi, linudhing prada jenar, handanya mrik arum, ajejamang kinatipa, asesumping sekar sumarsana wilis, roronce tibeng jaja.



6. Lelampahane macan angelih, lelembehane koraken kontal, dene oglengake dhuwunge, sampun alenggah muwus, lah sawangen Rahaden Panji, gen ingsun kekampuhan, pasang rakitipun, aku wong bagus utama, ladak terus lah mara tandhingen ugi, lawan kadeyanira.



7. Nadyan aku silih wong ing wukir, apan aku wignya bebasahan, mampuni ngaguna kabeh, Raden Putra gumuyu, teka semu wiyadi galih, yayi-yayi manira, pan wus bagus terus, yen ta dadia wanodya, nora larang yen dentohi lara pati, manise esemira.



8. Pasthi sira yayi sun ngengeri, mangsa kaliha panyiptaning wang, mung sira gustiku dhewe, sedhot Ki Wasi mungkur, sarwi riyak denira angling, Panji pangucapira, liwat nora patut, yen kober memarenana, gething temen angucap anyalawadi, karya wijiling waspa.



PUPUH XV



M i j i l



1. Wong Kasatriyan jalu lan estri, sami masang praos, sawarnane wus adadi kabeh, Buda Cemengan dinane mangkin, yun binayangkari sira Raden Bagus.



2. Para pawongan kalawan selir, manahe anggolong, lir sekar sataman busanane, kalamun tinon awarni-warni, busanane adi, pan jejel supenuh.



3. Pan gegaman sumaos ing Jawi, abra lamun tinon, kang wahana wus sumaos kabeh, pun Dhalang Antepan kang turanggi, wus den busanani, lir pendah andaru.



4. Kawarna wau Raden Panji, angandika alon, marang Ki Kuda Narawangsane, lah ta yayi payo padha mijil, barengan lan mami, aja doh sireku.



5. Kadeyanira pepak neng Jawi, miwah para sinom, Ki Narawangsa alon wuwuse, alah iya payo ingsun iring, wasi Jayengresmi, pan kinanthi sampun.



6. Yata Raden wus prapta ing Jawi, gumeder ponang wong, anyaosaken ing wahanane, gegamane sri budhal kariyin, dene warni-warni, swaranya gemuruh.



7. Pan anitih panggritan Sang Panji, busanane kaot, pan pinatik ing sesotya kabeh, apan kampuhe jingga tinepi, dene ingkang ngapit, sagung para arum.



8. Ki Narawangsa nitih turanggi, busanane abyor, pun Dhalang Antepan kekasihe, pinayungan Raden kretas kuning, kalamun liniling, tuhu yen binagus.



9. Munggeng ngiringane Sang Apanji, ginarebeg ing wang, kadya kembar lan Raden Putrane, payung agung samya amerapit, badhak kanan kering, jajar aneng ngayun.



10. Kembar mayang samya amerapit, kang bekta wong anom, umyang sarta lawan gegamane, ingkang munggeng kanan lawan kiri, dene angerangin, gamelan neng pungkur.



11. Sesak jejel ingkang pinggir margi, tingkahe wong nonton, datan kawarna wau lampahe, sakathae wong kang neningali, samya abebisik, lawan baturipun.



12. Ingkang saweneh jawil-jawil, endi Raden Sinom, baya ingkang nitih kuda kae, ingkang pinayungan kertas kuning, bature nauri, apan iku dudu.



13. Ika Ki Wasi Anjayengresmi, teka gunung ika ta asale, kawarnaa Wasi Jayengresmi, samargi sasirig, solahe abagus.



14. Ing paglaran apan sampun prapti, lir gerah ponang wong, warna-warna tontonane akeh, sampun tedhak wau Raden Panji, Wasi Jayengresmi, pan sampun tumurun.



15. Astanipun pan sampun kinanthi, lumebet ing para selire, Sadumulur, Prasanta tan keri, kang aneng jro puri, sakeh para arum.



16. Kawarnaa Dewi Sekartaji, ingiring ponang wong, kaya nuli kapanggiha age, apa watu Rahaden Apanji, neng ngarsa Sang Aji, Srnata umulung.



PUPUH XVI



S i n o m



1. Wus kinanthi Raden Putra, ing Rama Sri Narapati, sira Ni Candrakirana, ingkang abusana adi, kendhit rineka rukmi, ajamang lawan kekalung, abadhong kebo menggah, kelat bau lan salumpring, lir danawa rinengga lawan busana.



2. Sekar adi kinitiran, panunggul jumanten wilis, sumping asekar kancana, wajanira den kinangi, tinon lir banaspati, nyerodog sesinomipun, sakeh busana sesak, sengkang lobok den ganjeli, akeh putung busana sesak sadaya.



3. Dariji kadi baludag, labet kenging ali-ali, ting pathentheng tiningalan, kasaru sang Nata prapti, malebet kenyapuri, akaliyan sang abagus, Ni Sekartaji mulat, amasang guna pangasih, pan mangkana ubangginira kasihan.



4. Manukku teka ing Sabrang, arane Si Dhandhang Putih, cucuk mas mata kumala, sun kongkon Si Dhandhang Putih, maringa Sang Apanji, cucuken gantilanipun, wong mati kapiasanan, wurung madi sida asih, kena guna sun rempuki Dhawuhmarma.



5. Sigra nambut Raden Putra, dhateng Dewi Sekartaji, sira kusuma ing Daha, angrangkul dhateng ing laki, nyata benthing kakang brangus, sang kakung sigra ngaras, kadya puyuh ganti-ganti, Raden ngaras Sang Putri males angaras.



6. Ki Undhakan Narawangsa, mengo gumuyu tan sipi, iduriyak sarwi mojar, nora bakal Gunungsari, cobane dewa luwih, prit gantil laki bebeluk, gegere Suralaya, Jawata padha angili, ing Jenggala ana udan salah mangsa.



7. Sami mesem tan anduga, ing semunira Ki wasi, sakehe para padhekan, amicara jroning ati, baya ta wus pinasthi, lamun jatukranipun, Ki Putra Kasatriyan, kalawan Putri Kedhiri, aprasasat karembeng laki kusuma.



8. Ki Sadulumur agita, Dhoyok, Dhoyok padha titir, gustimu ginawa buta, wewetur baya nusoni, yata Ki Jayengresmi, samana suka gumuyu, paman lan gustinira, sira tulungana aglis, menek putung igane Si Kasatriyan.



9. Langkung suka Sri Narendra, kang putra kinanthi kalih, munggeng kanan Raden Putra, munggeng keri Sang Suputri, Sang Nata sampin mijil, ginarebeg para arum, Sang Nata pinayungan, upacaranira asri, ting palancur tinon lir sekar sataman.



10. Gumuruh ponang gamelan, angrok aswarane gong beri, kapirsa lir gunung rebah, awor pangriking turanggi, sigra Sang Putra kalih, ngubengaken ngalun-alun, bungah tyase Sang Nata, ningali wong sanagari, raden Putra ingayap mubeng ing kitha.



11. Kadi sarah tiningalan, angraket ing toya mili, gunung menyan rerimbangan, plenthungan kang metu roti, menyan madu kang adi, lapake sami rinebut, gempur kang pepanthanan, rinebut ing wadya alit, Sri Narendra abungah marwata suta.



12. Datan Kawarna samana, pinarak ing pancaniti, Sang Prabu Cintakapura, Putra kalih pan sinandhing, sagunging Prameswari, sumawana para mantu, sami andher ing ngarsa, punggawa myang para mantri, sumawana pramanca para santana.



13. Lumintu ponang dhaharan, ingkang saking dalem puri, sang Nata sampun adhahar, tanapi pra dipati, miwah punggawa mantri, sadaya dharan sampun, tanapi para Putra, sadaya samya abukti, lintang suka wong agung Cintakapura.



14. Apan sampun ingidenan, wau ingkang Putra kalih, Sang Nata alon ngandika, kaki Putra Nini Putri, sira ingong lilani, tulusa atut arukun, oyoda arondhona, heh sagunge Prameswari, aturana Ki Putra malabeng pura.



15. Wus prapta ing dalem pura, ginarebeg para cethi, Prabu Jenggala ngandika, ing Raden Prabangsa aris, lah kaki Jodhipati, poma kaki wekasing sun, kasukana ing pura, aja pegat siyang latri, gegebtenan lawan kadangmu sadaya.



16. Tan kawarna solahira, Ki Putra kalangkung asih, marang Sang Putri ing Daha, lapake kena piranti, Ki Putra sampun kering, budhal ing Kaputran sampun, Sang Nata atut wuntat, malah kongsi pitung latri, siyang dalu anggung gawe akasukan.



17. Raden Putra pepasihan, langkung denya welas asih, ningali Candrakirana, kalangkung reseping galih, kadya awor jro ati, siyang dalu galang-gulung, sakeh kadang kadeyan, amicareng jroning ati, memanise Jenggala binawur dewa.



PUPUH XVII



Dhandhanggula



1. Kawarnaa wau Sang Apanji, Inupati Putra ing Jenggala, lagi binawur tingale, sampun samadya tengsu, genya panggih lan Sekartaji, siyang dalu kasukan, neng Kaputran Kidul, sagunge kadang kadeyan, pepak kabeh akasukan siyang ratri, aneng ing Kasatriyan.



2. Ki Undhakan Narawangsa angling, gawok temen aku man Prasanta, jaman ing Jenggala kene, wong rupane lir lumbung, ambedhawang yayah memedi, angaku Putri Daha, iku sakaningsun, Kasatriyan reraupa, gajah abuh sira rungsum saben wengi, dinalih bok Kirana.



3. Ki Lempungkaras riningsun yayi, atanapi Ki Wukirkusuma, ngobonga merang sagedhang, wasuhen sadulurmu, kosokna dipun baresih, dene Si Kasatriyan, manahe kalurung, sakehe para santana, atanapi sira Rara Ragilkuning, wasuhen kadangira.



4. Anggoleka dhedhukun kang mandi, tulakana kadangmu Ki Putra, satriya bileng manahe, gawoke atiningsun, sadulurmu Wuragilkuning, kaya kena ing guna, bawur manahipun, gajah abuh alelewa, paran dene dinalih Putri Kedhiri, baya kalingan apa.



5. Baya sira nora wirang isin, bagus anom dalem Kasatriyan, pepakune jagad kabeh, arabi gajah abuh, paran dene tresna kepati, Ki dalem Kasatriyan, wong busung malembung, dinalih Candrakirana, lagi mengko Putri Adi ing Kedhiri, apindho bula lola.



6. Nora bisa aku amiringi, rabinira biyada ing Daha, ingsun salokani bae, agina pada iku, tegesipun kang pada sikil, tegese gina iya, asaru dinulu, sikile dubug kaliwat, watarane sungkanan doyan yen bukti, anggilot yen asonja.



7. Kaping kalih ana sun panceni, rabinira agina wadana, aja kaliru artine, gina saru dinulu, pan wadana uwis mantesi, biyadane wong Daha, katambeng dinulu, talapukane sadhepa, watarane wani ujar wani isin, iya doyan anendra.



8. Benjing malih yen sira arabi, amiluha wanodya kang kenya, kawan prakara artine, nenggih sapisanipun, kang areka wadana ening, kaping kalih kekuba, paking tiganipun, ingaran pada carana, kaping pate ayu kang wadana singgih, iku estri utama.



9. Tegesipun wong areka singgih, wadana lindri jahit anawang, lir sasi panglong semune, apan wewatakipun, wedi ujar lan wedi isin, setya tuhu mawongan, lan rumekseng kakung, tegese wanodya kuba, anglar wijang dinulu lir golek gadhing, sugih bawa leksana.



10. Kaping tiga Kasatriyan malih, tegese wong pada macarana, alus alurus padane, alembut dagingipun, watekipun kebat ing kardi, sagunaning wanodya, pasthi lamun putus, manah katareng ing pada, jaba alus yekti jerone manceri, rasakna Kasatriyan.



11. Kaping pate Kasatriyan malih, tegese wong inyuk ing wadana, gandes luwes sapolahe, genge lan dedegipun, pan sembada akarya brangti, ana wadon pideksa, leksanane agung, rabine Si Kasatriyan, buta lola lamun menggaha turanggi, napas wijil kaduwang.



12. Nanging ana wekasingsun maning, Kasatriyan iya maring sira, paduwa welehan bae, lamun lunga anglurug, rabinira Ni Sekartaji, aja ta sira gawa, poma wekasing sun, bokpahilan neng lurugan, watarane rabinira neniwasi, ebekira binakar.



13. Yen menggaha kaya awak mami, eman aran Kuda Narawangsa, wewasi Jayengresmine, pan ingsun lare gunung, tau mangan uwi gembili, prandene datan sotah, andulu garwamu, sira tan mambu Satriya, gajah abuh prandene sira karsani, gumejeng Raden Putra.



14. Saya langar sira sun arani, ya yayi Undhakan Narawangsa, saya dahat pamoyoke, nadyan warnaa lumbung, yayi Dewi Putri Kedhiri, yekti karsane dewa, jatukramaningsun, Ki Undhakan Narawangsa, nulya riyak wacana arum amanis, mendem Si Kasatriyan.



15. Age sira mulia den aglis, manawa runtik Putri ing Daha, iki teman bubrah kabeh, wateke Sang Dyah ayu, yen ameta lir gelap muni, bubarken wong sapasar, Ki Putra gumuyu, angelu sirah manira, pijetana yayi Wasi Jayengresmi, kaya mendem waragan.



16. Pijetana yayi sirah mami, kaya waras yen sira pijeta, Ki Wasi kadangku dhewe, mung sira wong binagus, yen menggaha sira pawestri, mongsa kramaa liya, iya ariningsun, dipun entheng raganira, awratena pun kakang iya nekani, ngong lamar ing kunarpa.



17. Age yayi pijetana mami, alon mojar Kuda Narawangsa, Kasatriyan bodho bae, muliha tilam arum, garwanira Ni Sekartaji, linggihena ing pangkyan, konen mijet gulu, yen wis mari gulu, yen wis mari puyengira, gontorana ing ujar asmara wadi, dimene Sang Dyah rena.



18. Yen menggaha kaya awak mami, den pijeta marang rabinira, pasthi cecengelku pathol, kaya gedhang galuthuk, darijine Putri Kedhiri, anging ta wekasing wang, Kasatriyan iku, aja kokon ngidak-idak, bok kapareng putung iganira mati, mendahe Putra Daha.



19. Radyan Putra wau anauri, nora tau mijeti maring wang, lawase salin warnane, ingong wegah andulu, darijine ageng kepati, Undhakan Narawangsa, asuka gumuyu, kaya uwang Kasatriyan, idhep bener pantese Putri Kedhiri, wong edan aneng pasar.



20. Nora bisa aku amijeti, lamun sira karsa Kasatriyan, ingong wei ganten bae, mojar Ki Narabangun, langkung karsa yayi mas Wasi, sampun sinungan gantyan, sira Sang Abagus, anulya wau kininang, amicara asekti yayi mas Wasi, sumrah ingkang sarira.



21. Gumregeten Ki Putra ningali, maring sira Kuda Narawangsa, sigra cinandhak astane, Raden Putra amuwus, dhuh Ki Wasi sadulur mami, yayi sira ngong aras, bari ingsun rangkul, mung sira woding wardaya, Raden Putra kinipataken tansipi, dhateng Ki Mas ngaldaka.



22. Ki Undhakan Narawangsa angling, baya wuru sira Kasatriyan, sira iki wuru genje, kudu wutah ususmu, ingsun suduk kalawan keris, pan aku padha priya, apan sira ambung, aja juwet Kasatriyan, nora wurung mengko sira sun suduki, jen juwet pagujengan.



23. Ki Undhakan Narawangsa angling, sun turuti Kasatriyan, wateking ngong salawase, panasbaran kalangkung, nora kena ungkulan budi, ingong palaur pejah, lumuh wirang ingsun, nadyan aku wong gununga, nora tau aku nandur wi gembili, wong ladak kuwarisan.



24. Kasatriyan lah muliha aglis, anoleha kang aneng wantilan, selak metu kasturine, Raden Putra gumuyu, Ki Undhakan denira angling, asuka gegujengan, padu welehipun, sira Raden Kasatriyan, garwanira Putri adi ing Kedhiri, age cancangen ngetal.



25. Ki Undhakan Narawangsa angling, ingsun arsa maring pakebonan, Ki Putra munggaha sare, sira Rahaden Galuh, mudun saking ing tilam sari, angrangkul dhateng priya, adhuh Kakang Brangus, amung sira lakining wang, wong abagus jana kang ngepek-empeki, Kang Brangus pan taruna.



PUPUH XVIII



S i n o m



1. Kusuma di ing Mamenang, pin priyembada ing laki, kawula anukmeng pada, dhateng kang amindha Ratih, apan tan ana malih, mung sira geningsun nyatu, ingkang mindha Supraba, kang aneng langening sari, abdekena pun Undhakan wireng krama.



2. Ayunira kadi Retna, mirah ingsun pun Apanji, mung Ratu Ayu Mamenang, ingkang asih duwe abdi, mojar Ni Sekartaji, iya inggih kakang Putra, tresnanira alit wukir, andasiha dhateng pun Gagakpranala.



3. Ki Wasi asru sumela, asih temen maring rabi, priyayine wong Jenggala, kang lagi akaron resmi, asawang Dewi Ratih, lawan Kamajaya nurun, baya karsaning dewa, wagede alaki rabi, nembe tumon inten embane timah.



4. Baya geger Suralaya, widadara – widadari, padha marang ing Jenggala, ningali wong laki bebeluk, karane ing Jenggala, pailan alarang bukti, eling-eling polahira Kasatriyan.



5. Lah mangkane Kasatriyan, wong angunngrum maring rabi, sembada lan garwanira, becik pinyarsa ing kuping, pantes ingkang ngawaki, lan ora kuciwa semu, mangkene Kasatriyan, wong angimur maring rabi, lah tirunen ujaring Kasatriyan.



6. Biyadane wong Mamenang, asawang retna kuwali, wong kuning asawang nila, arum apindha terasi, mancorong kuning mangsi, iki si wong manyul-manyul, wong dhenok kendherekan, wong jahit amemedeni, mangkunoa pangungrummu Kasatriyan.



7. Menek kurang Kasatriyan, iya sun wuruki maning, biyadane wong Mamenang, wong ademes manis babi, ratu mas merak ati, kang asawang lutung buntung, wong cilik pedhawangan, wong awingwing kaya anjing, yen ngujiwat singa kang mulat.



8. Saya suka latah-latah, Ki Wasi Anjayengresmi, mutung Ni Candrakirana, miyarsa wuwus ing jawi, asru denira angling, lah tundhungen kakang Brangus, si asu Narawangsa, wani-wani nyenyemoni, belis setan si dikethok Narawangsa.



9. Nora suka nora lila, ayuningsun den poyoki, lah iya asu ngaldaka, teka apraja Kedhiri, sun matur Rama Aji, sun kon ngethok endhasipun, sun kon gawe kusingan, jer kena ing walat mami, saya asru tangise Candrakirana.



10. Wong agung ing Dhawuhmarma, mesem sarya ngarih-ngarih, kusuma piyarsa, wuwuse yayi ing wukir, dereng wruh ing dedugi, sembranane ta kalangkung, sampun ningali liyan, mung ingsun dulunen yayi, iya uga rare durung wruh ing krama.



11. Ki Undhakan Narawangsa, ariyak wacana manis, lah pondhongen rabinira, dimene mari anangis, kang ayu rungih-rungih, balebegen kuping ingsun, Kusuma yu ing Daha, kang dadi rasane lenjing, mangkenea pangungrumu Kasatriyan.



12. Yang-yang dewane papraman, Kusuma yu ing Kedhiri, yen mesem apahit kilang, angling apait gendhis, gawe rasaning ati, Bathari wewe tumurun, anukma randhualas, kalane jaman rumiyan, nanging mangke kudu dadi tatelola.



13. Sira Ni Candrakirana, amicara jroning ati, saenggone nyata ala, junjung ngatebaken mami, wiwitan abecik, wekasane nora patut, angling Ki Narawangsa, garingsing tan mawi nitik, sun badhea kacomplongan ngemu brangta.



PUPUH XIX



Asmaradana



1. Raden Putra ngarih-ngarih, wacana pait kilang, adhuh sang murtine sinom, Kusuma sampun pinyarsa, wuwuse adhinira, apuranen dipun agung, dhateng Ki mas ing ngaldaka.



2. Anging tingalana mami, kang tansah angestu pada, dhateng sang murtining sinom, ingkang mindha Wilutama, amung sira Kusuma, gusti huswa kula katur, dahteng Kusuma Memenang.



3. Kuda Narawangsa angling, iku luput Kasatriyan, rungrumen mangkene bae, adhuh minggata keparat, kang sawang bedhawangan, ingkang memper ilu-ilu, musthikaning pamenggahan.



4. Sira Dewi Sekartaji, mothah aneng pasarean, Ki Putra ngandika alon, ariningsun Lempungkaras, payo wewayangana, Pamrihipun Raden Galuh, lipura aja karuna.



5. Kadeyan sadaya cawis, kothak lawan gadebogan, wus tinata gamelane, cecepretlan sulingira, gambang lan calapita, rebabe lawan calempung, gender lawan gambang gangsa.



6. Pepak sasamitana sami, calempung saron lan kendhang, kethuk kenong lan kongsine, rongseng kalawan sanepa, sapyan lawan kemanak, pepak ponang ricik agung, kadeyan sami gamelan.



7. Sira Raden Wukirsari, anabuh salukat membet, Ki Punta anabuh egong, Ki Kertala nabuh kendhang, Ki Pamade anggambang, Ki Prasanta anyalempung, Ki Sadulumur angrebab.



8. Apan sampun masang kelir, sira Raden Lempungkaras, wus sinuled balenconge, apan sampun nyepeng wayang, kekayon wus pinasang, Ki Carangwaspa wus manggung, wus munya ponang gamelan.



9. Kathah ponang kang ningali, padhekahan Kasatriyan, tuwa anom lanang wadon, sami ningali sadaya, sami rebat panggenan, Raden Carangwaspa lungguh, nulya medalaken wayang.



10. Apan sampun lekas ngiringiti, amiyosaken kekeran, Panji Sinom lelakone, Ki Panji Sinommerdapa, kala kinarya duta, anglurug nagareng mungsuh, Panji Sinom amerdapa.



11. Anulya dipun terusi, maring Ki Putra Jenggala, amelas asih sambate, Panji Sinom amerdapa, akeh ingkang tumingal, sami ngeres manahipun, sembada lan ingkang wayang.



12. Ki Wasi Anjayengresmi, Ki Undhakan Narawangsa, Ningali sarwi sesindhen, gumuyu sarwi ariyak, majeng dhateng ing ngarsa, sarwi ngarepaken panggung, mojar Kuda Narawangsa.



13. Lempungkarsa sun waoni, plehira wawayangan, apan ala sesemune, lah mundura Lempungkaras, ingsun arsa awayang, wewayangmu kurang semu, kaya dhedhalang gorekan.



14. Anulya lekas angringgit, Ki Undhakan Narawangsa, sampun akarya lelakon, anenggih lelakonira, kala Putra Jenggala, amendhem sariranipun, asuwita ing Ngurawan.



15. Malah dipun tarimani, mring Sang Prabu ing Ngurawan, ingkang kinarya garwane, awasta Retna Cindhaga, Wadalwardi wau pinagku, kalangkung dening kuciwa.



16. Dening Putri ing Kedhiri, aneng nagari Ngurawan, amendhem kula lakune, aneng nagari Ngurawan, awisma padhusanan, mangkana lelakonipun, Ki Wasi denya awayang.



17. Tan pegat genya miringi, Ki Undhakan Narawangsa, sinawur sarwi sesendhon, mangkana parikanira, jaewana Ki Putra, dene goyang manahipun, ana wong ngaku Kirana.



18. Janur kuning sun wastani, priyayine wong Jenggala, ingsun pupus mesakake, warnane lir Komajaya, garwane bedhawanawang, selaka bang manjing dhuwung, papatahe kena guna.



19. Sakathahe kang ningali, sadaya sami kasmaran, aningali pamayange, maring Satriya ngaldaka, sembada polahira, kathah kacaryan kang dulu, lir gerah wong kasinom.



PUPUH XX



S i n o m



1. Yata Kusuma ing Daha, alara denira nangis, wus duga yen sinemonan, mring Ki Wasi Jayengresmi, amicara jroati, kethek gunung asu gunung, wewayange wong edan, amiringi maring mami, lah tundhungen si gunung aja weh wayang.



2. Mangkana Raden Putra, angimur dhateng kang rabi, Kusuma sampun pin-yarsa, atur kawula dewasih, dhateng ing yayi Wasi, prasasat tan wruh ing semu, yayi mas ing ngaldaka, pinadhakna rare cilik, saujare Kusuma sampun pin-yarsa.



3. Ki Undhakan Narawangsa, tan kandheg denira ngringgit, kaget miarsa karuna, yen Putri Kedhiri nangis, Ki Wasi aningali, balencong sarwi binandul, Putri wong Mamenang, wadung pari sun wastani, kaniaya andukani wong awayang.



4. Mangkana Rahaden Putra, maksih angimur ing rabi, Kusuma Candrakirana, asare dipun keloni, kinidungan rerepi, Palugon lan Jurudemung, pin-yarsa pait kilang, liringe Rahaden Panji, asarea Ratu ayu ing Mamenang.



5. Mangkana Sang Putri Daha, sakeca denira guling, Raden Putra ing Koripan, alon lampahe aririh, arsa ningali ringgit, sarwi ngoyog keliripun, mojar ki mas ngaldaka, sapa wonge ngoyog kelir, lah lungaa angegeti wong awayang.



6. Angandika Raden Putra, iya yayi Jayengresmi, yayi emas ing ngaldaka, suwe temen sun tingali, lah ta lerena yayi, apan sajenira agung, dhahara pepanganan, Kuda Narawangsa angling, aku uga dudu wong kang karangsangan.



7. Mojar Kuda Narawangsa, aja ngoyog-oyog kelir, aku pan lagi awayang, pagene sira regoni, mengko sun perang keris, atemah tugel tanganmu, sataun nora waras, tatune kerisku mandi, yen grumpunga eman bae Kasatriyan.



8. Mangkana Rahaden Putra, anulya nyekel cempurit, mojar Kuda Narawangsa, tembung laku sun wastani, sun perang keris mami, jarijinira arempu, setaun nora waras, wurung mati sida kithing, yen kithinga eman bae Kasatriyan.



9. Angandika Raden Putra, mung sira sadulur mami, agesang tekeng delahan, nora duwe kadang malih, mung sira woding ati, wong bagus putus ing tembung, upama wanodyaa, kembang biru mungging tegil, esemira kang dadi telenging nala.



10. Mojar Kuda narawangsa, wuwuse asemu runtik, juwet Kasatriyan, tembung laku sun wastani, ana wong lagi ngringgit, pagene sira angganggu, wedhus bang saba wana, tangkil karang sun wastani, saya edan wong wewayang den kekudang.



11. Bener ujare saloka, wong ika aja angabdi, marang Satriya nonoman, temah lara ingkang ati, pagene sun lakoni, prandene ingaru-biru, lungaa Kasatriyan, sun suduka keris mami, mendahane tangise Putri Mamenang.



12. Mangkana Rahaden Putra, anulya amarepeki, alenggah sandhinge kothak, wuwuse amelas asih, mung sira woding ati, adhuh yayi wong abagus, dene wignya awayang, tinulusna, rewang mukti, semunira akarya lara wigena.



13. Ki Undhaka Narawangsa, tan kober nyekel cempurit, mojar Kuda Narawangsa, Kasatriyan bebingungi, sira sun perang keris, danganane darijimu, katiban singa renyak, darijimu karo enting, yen grumpunga eman bae Kasatriyan.



14. Pantese Putri ing Daha, aneng jroning tilam sari, anjaluk ganten ing sira, paran polahira benjing, angganten nora bangkit, labete tanganmu putung, temah sira sumbagane benjing, mendahane tangise putri Mamenang.



15. Alah iya ngong bubaran, enggoningsun mangun ringgit, prandene ingong awayang, tan kober sira regoni, Raden Putra nauri, ariningsun wong abagus, mara sira tutugna, enggonira mangun ringgit, lelakone kaya ngalampena jiwa.



16. Ki Undhakan Narawangsa, nulya jogedaken ringgit, respati membeng parikan, gamelan munya ngrerangin, Ki Wasi Jayengresmi, mangkana parikanipun, bedhil alit warangka, sundawa miyos merapi, linggar asihe wiranga ing wewayangan.



17. Tan kandheg denya parikan, Ki Wasi Anjayengresmi, mangkana parikanira, ing semu amemirangi, pin-yarsa pait gendhis, mangkana wangsalanipun, tawon kang tala lemah, wilatung miyos merapi, yen sun tutur wong Daha, lir bedhawangan.



18. Angandika Raden Putra, wacana apait gendhis, yayi emas ing aldaka, kalintang denya aringgit, sapa kang muruk yayi, Kuda Narawangsa muwus, sakarsaku piyambak, parandene akeh brangti, aku uga dhedhalang wignya utama.



19. Utama lamun wayang, patemon Putra lan Putri, nora nerajang kekeran, wignyaningsun yen aringgit, ing tata lawan titi, pan nora weleh ing semu, weruh ing suba sita, ing gunaningsun aringgit, waonana wewayangku Kasatriyan.



20. Raden Putra angandika, inggih leres yayi Wasi, sakarsanira raharja, datan bisa amaoni, wong bagus prameng kawi, Kuda Narawangsa manggut, kasuwun Kasatriyan, Ki Wasi Anjayengresmi, genya wayang pan saya brangta legawa.



PUPUH XXI



Asmaradana



1. Atame denya ajurit, awayah bangun raina, kasesa sampun lelayon, angandika Raden Putra, yayi mas ing aldaka, mung sira ariningsun, wong abagus awiletan.



2. andangu dennya aringgit, Kirana ora medal, ngandika Raden Putrane, wetokana Galuhira, ingsun arsa uninga, mendahane polah ingsun, katona Kiranananira.



3. Wuwuse apait gendhis, Ki Undhakan Narawangsa, Kiranaku wirang katon, nadyan wayanga asawarsa, tekeng sawindu pisan, apan eman Raden Galuh, lamun dinulu wong liyan.



4. Raden Putra saya amrih, wacana apait kilang, wiyosna Galuhe age, asasat nguripi pejah, yayi sakedhap netra, saya papa ucapipun, katokena Galuhira.



5. Yayi emas sun opahi, wedalna Kirananira, dama anggadhuh waking ngong, saisine Kasatriyan, kasrah maring andika, lawan kancingane kang gelung, jaran pamutung katura.



6. Kuda Narawangsa angling, iya nuwun Kasatriyan, Ki Putra ing pasihane, tan kuwasa mangsulana, gawok ati manira, suk dangu Rahaden Galuh, kang duwe mangsa aweha.



7. raden Putra saya ngungkih, wedalna Kirananira, kadi temahana layon, mojar Kuda Narawangsa, juwet Si Kasatriyan, apan Raden Galuh ingsun, aneng parabeyanira.



8. Raden Putra anauri, yayi parabeyaning wang, nora ana kedhah-kedheh, mesem Kuda Narawangsa, wus ngalih Kasatriyan, enggoning Gegaluhingsun, aneng ing pangrasanira.



9. Raden Putra anauri, yayi ing pangrasaning wang, maksih sawantahe bae, mesem Kuda Narawangsa, abener Kasatriyan, anging Gegaluhku mutung, ana ing bebokongira.



10. Kasatriyan sun pojari, Kiranane wong ngaldaka, apan kaliwat wingite, samangsa ingsun wiyosana, perang rame Jenggala, ana parangmuka rawuh, amemurung wong akrama.



11. Ki Putra saya angungkit, atekan Gegaluhira, yayi mas wiyosna age, Sekartaji mung sakedhap, yayi mas ing ngaldaka, Kuda Narwangsa rengu, amicara jroning nala.



12. Kaya paran polah mami, nora wande kawirangan, lamun aweta mangkene, priyayine wong Jenggala, nayaa mrana wayang, angudi Gegaluh ingsun, paran polahira baya.



13. Upama ngugasa warni, katon apa awaking wang, apa angandel maring ngong, aran ki putra wus krama, lawan kang malih warna, nora sande awak ingsun, kinanthi ing Raden Putra.



PUPUH XXII



K i n a n t i



1. Wus cinandhak astanipun, Ki Wasi Anyengresmi, Raden Putra angandika, alah mara yayi Wasi, sira wedalna sakedhap, Gegaluhira kang jati.



2. Ki Wasi nulya rinangkul, tenggeknya sarwi liniling, samana sareng tumingal, sareng kamanungsan kalih, akumyus karingetira, Ki wasi Anjayengresmi.



3. Ki Wasi alon amuwus, priyayine wonging Keling, lah uculna astaning wang, kaniaya kepati, dhalange tan kober wayang, tangan pijer den cekeli.



4. Raden Putra alon muwus, iya yayi emas Wasi, karantene wiyose, Gegaluhira sajati, mengo Kuda Narwangsa, apan ana atur mami.



5. Lamun katon ingsun, aku karubuhan wawayangan, katiban balencong mami, baya dalem Kasatriyan, wus bosen sun kawulani.



6. Raden Putra lon smuwus, kamangkara yayi Wasi, lamun pisaha sadina, lawan sira ingsun mati, amung yayi mas ngaldaka, kang dadi gantilan ati.



7. Kuda Narawangsa mawus, besuk sore sun aringgit, sun ruwate sun aringgit, Putra Daha Sekartaji, dimekna asalin warna, ayu kaya duk rumiyin.



8. Narawangsa malih wuwus, ingsun iki arsa guling, Raden Panji angandika, inggih asarea gusti, aneng yasa bale kambang, kalawan Si Ragilkuning.



9. Wus wangu Rahaden Galuh, kang sare ing tilam sari, asambat Rahaden Putra, kang Brangus aneng ngendi, asru ing penguwuhira, watuk dhehem sarwi wahing.



10. Suka denira gumuyu, Kuda Narawangsa angling, lan maliha Kasatriyan, gajahira uwis tangi, manawi selak ameta, angkusmu dipun abecik.



11. Raden putrasira muwus, yayi mas amemoyoki, benjing sore dika ruwat, dimen kadi wingi uni, mojar Kuda Narawangsa, latah-latah waspa mijil.



PUPUH XXIII



M i j i l



1. Mojar Ki wasi Anjayengresmi, pamuwuse alon, payo Onengan pada asare, ing madya kambang kalawan mami, aja rongeh Nini, asare lan ingsun.



2. Lengser Ki Wasi Anjayengresmi, wong kang anenonton, samya lengleng wong Kaputran kabeh, lapakipun Cuma ingkang ati, wisan tengah wengi, bubar ingkang manggung.



3. Raden Panji apan sampun prapti, miyak langse alon, pinapagken maring ing garwane, kakung binekta ing tilam wangi, ela Raden Panji, manah saya kondur.



4. Tambuh manahira Raden Panji, mungging ing paturon, apan canggeh ing garwa karsane, anging kakung datan angladeni, datan darbe kapti, kadhinginan kayun.



5. Rahaden Panji anuwun wingit, awacana alon, yayi aldaka wau ature, besuk arsa mangun ringgit, malah rama aji, sun aturi dulu.



6. Sira arsa rinuwata benjing, kinarya lelakon, apan sira nulya kadya dhingin, Dewi Sekartaji, alatah gumuyu.



7. Iya kakang ruwatena ugi, dimak ayu kaot, mendhane kang ati bungahe, ingsun maliha kadi rumiyin, pasthi ngong kasihi, kakang Raden Gunung.



8. Besuk kakang sun ajak abukti, iku kaula ingong, ingsun paringi raja panganggo, sun paringi sawah jung sakikil, ingong tarimani, kakang Raden Gunung.



9. Kang cinatur Wasi Jayengresmi, Kng tansah karaos, apan lenggah ing yasa kambange, Dewi Onengan sare kapati, Wasi Jayengresmi, karaos tyasipun.



10. Saya kagagas rasaning ati, nanging tan kawios, pan garjita mangkane ing tyase, kaya paran polah ingsun iki, nora wande mati, aneng wana agung.



11. Ingsun arsa anglugasa warni, arupaa wadon, iya lamun Ki Putra ngresakke, menek Ki Putra gela ing galih, sun palaus mati, lumuh wirang ingsun.



12. Saya kagagas raosing galih, mrak munya angulon, ing lor wetan amunya arame, semunira kadya memiringi, kesaha tumuli, ing wana kang sampun.



13. Sawung pun moar kaluruk anjrit, ules abang anom, aneng bangsal wetan panggenane, klurukira kadi amang siti, dika kesah gusti, raka dika nusul.



14. Kucing pun dhudha munya tan sipi, asru meyang-meyong, angideri ing yasa kambange, ana uga semune sathithik, aja kesah gusti, raka dika wuyung.



15. Tekek pun wis amunya anjrit, othok othok tekek, arsa babol mangkana unine, andika kesah sawengi mangkin, raka dika nuli nusul, raharja lumaku.



16. saya kagagas raosing galih, ingkang arsa lolos, Ni Onengan ingusap sirahe, poma yayi karia sirahe, poma yayi karia amukti, tulusa alaki, lawan Wukirsantun.



17. Sampun tumurun Ki Jayengresmi, ingkang arsa lolos, wong Kaputran saya sirep kabeh, cocak kadasih kang samya muni, kadya amangsiti, kesahe Sang Ayu.



18. Puyuh pun umbang amunya anjrit, cumenthel ing regol, asauran kalawan bencene, sabelong ngakak anyenyamberi, apan nyalawadi, semune amelung.



19. Lah mangkana semune kang peksi, kang munya ing regol, yen andika estu kesah Raden, leheng gusti atilara weling, ingkang kari wuri, malar sampun tambuh.



20. Kadya sinendhal raosing galih, nanging tan kawiyos, lamun ingsun lungaa samngke, pasthi panggih ingsun den ulati, aneng wanadri, akeh kang sesiku.



21. Lan malih Ki Putra ing Keling, ing sapungkuring ngong, yekti kelangan iya dheweke, iya Raden sun atilar tulis, pan sampun pinesthi, sampun dika ngadhuh.



22. Yata wangsul ing botrawi malih, Sang Abagus Anom, sampun prapta sor nagasarine, sigra salin busana tumuli, Wasi Jayengresmi, sampun ucul gelung.



23. Sakeh busana dipun racuti, dhuwung sabuk kampoh, ucul calana lan sesumpinge, sinelehken ing pang nagasari, kang amalih warni, karya conthong sampun.



24. Lenggah timpuh kang amindha Ratih, munggeng ngisor kayon, pajar lebet kang wengi wayahe, sasi andhap arsa nunggang wukir, ingkang nglugas warni, wus akarya gelung.



25. Sasi kalingan ing ima riris, riyem-riyem awor, kadya kinuncang ing juwatane, angin munya kang amindha Ratih, lah kesaha gusti, boten kadya kakung.



26. Alon angadeg kang mindha Ratih, lampahira alon, pandhan surat pinunggel alunge, paos sadhep wiyar rong nyari, karsa tilar tulis, maring kakungipun.



27. Asuluh lintang adamar sasi, akarya pasemon, cinekelan ing kiwa rondhone, tinumpangaken munggeng ing wentism tan anawi lading, tinulis ing kuku.



28. Kadya mangkana ungeling tulis, kang tumrap ing randhon, tan anganggo penget ingkang tulis, dudu Putri luwih, atemah kasiku.



29. Kadya mangkana purwaning tulis, dhuh kakang awiyos, sembah kula dhateng Sang Araden, kanjeng pangeran Satriya Keling, kantuna amukti, kula amit lampus.



30. Kantuna gusti wibawa mukti, aneng jro kadhaton, muga-muga tinulusna Raden, siniwaka ing ramanira ji, miwah para manis, jumeneng ratu.



31. Sampun ataken dhateng ing cethi, wong punapa ingong, yen aweta kawulane Raden, amemurung wong alaki rabi, prasamekna gusti, wong papa wulangun.



32. Kadi kati anggayuh ing langit, Raden lir ingong, nora sikara ing puwarane, apan anelung-nelung pratiwi, aran sampun krami, Raden Marabangun.



33. Tinutugken ingkang ponang tulis, kang munggeng ing randhon, kawula amit dhateng Rahaden, arsa mantuk dhateng ing Kedhiri, apan awak mami, masih bapa Ratu.



34. Kula msih darbe ibu sori, angreh ing kadhaton, mapan kaki binegawan dene, kumadama Satriya ing Keling, tan kapadhan kapti, kantuna wong agung.



35. Sampun dika ataken ing mami, wong punapa ingong, andika bekta merang sagedhang, kujamasa Satriya ing Keling, malar dadi eling, dhateng awak ulun.



36. Sampun telas welinge Sang Ratih, kang munggeng ing rondhan, tanpa titi lawas wekasane, lamun nuwala nganggoa titi, dede Putri Adi, atemah kasiku.



37. Sinelehken nuwalane singgih, wonten ing kekayon, rondhon kalawan kampuh kang mindha Ratih, tumindak aririh, Sang Retnaning Ayu.



38. Lepas lampahe kang mindha Ratih, kang lagi mirangrong, maring Dewa lawan Batharane, lampahira kasilir ing angin, prapta ing wanadri pan saya kekudhung.



39. Kathah swarane kang wana rungsit, baskara mancorong, sata wana anjrit kaluruke, anauri peksi johan muni, kadya anangisi, kang ana ing parung.



40. Asauran drekuku kang muni, aneng ing kekayon, kadi punapa dika waune, andika kesah kang mindha Ratih, darma mukti benjing, wong anom karuhun.



PUPUH XXIV



S i n o m



1. Yata Sang Dewi Onengan, awungu denira guling, apan wau gurah waja, gelung lukar den wauni, saya amerak ati, sotyane rengat abalut, anging ta semu mearng, milane merang kepati, salamine sare dereng karainan.



2. Amicara jroning nala, apa sira aneng beji, kakang emas ing aldaka, Ki Wasi dipun ulati, nanging nora kapanggih, Sang Dyah karasa tyasipun, apa nora supena, kang sare ing tilam wangi, karsanira umatur dhateng kang raka.



3. Raden Putra Kasatriyan, pan masih sare kepati, lawan Ni Candrakirana, nanging ta elet geguling, sira Ni Ragilkuning, aneng dagan sarwi lungguh, angoyog-oyog dhadha, wuwuse arum amanis, awungua kakang mas Adhawuhmarma.



4. Kaget wungu Raden Putra, wuwuse asemu runtik, heh Onengan ana apa, sira amungu wong guling, matur Ni Ragilkuning, atur kawula pukulun, kakang mas ing Aldaka, Ki Wasi Anjayengresmi, kados kesah anging parane tan wikan.



5. Gumujeng Rahaden Putra, lunga-lunga maring ngendi, manawa mring patamanan, iya Raden ngong ulati, apan tumurun ririh, Ki Putra ing Marabangun, dhateng ing patamanan, wulucumbu karo ngiring, sumawana Raden Arya Carangwaspa.



6. Nenggih sira Raden Putra, mider-mider tamansari, kalawan Dewi Onengan, polahe Satriya Keling, kadi kitiran putih, tinilar ing metranipun, sakehe nagapuspa, sadaya dipun jajahi, ngendi gone yayi emas ing Aldaka.



7. Putra ing Cintakapura, amicara jroning ati, yayi emas ing Aldaka, Ki Wasi Anjayengresmi, yen mantuka ing wukir, paran yayi dosaningsun, dene nora pepoyan, manawa lagi apurik, pan inguwuh kang rayi meksa tan panggya.



8. Pojokira kidul wetan, nagasari ingkang adi, angrempayak tiningalan, sandanguna den liwati, nanging nora kaeksi, busana neng nagasantun, kagyat Dewi Onengan, ningali kampuh sumampir, alon matur busanane arinira.



9. Esmu kaget Raden Putra, nuwala dipun tingali, winaos sinukmeng driya, matur Raden Wukirsari, lamun nora kepanggih, Ki Putra nora sumaur, Rahaden Carangwaspa, umatur datan tinolih, wulucumbu ature tan piniyarsa.



10. Mangkana Rahaden Putra, tan kelar anahen brangti, atemuh lali ing purwa, kadeyan sami nungkemi, nanging nora baribin, manawa katur Sang Prabu, temah dadi kang duka, emeng Ki Putra amungkur dereng pasihan.



PUPUH XXV



P a n g k u r



1. Angandika Raden Putra, pan sira Pamade kang ingong tuding, ngambila godhong tan naluh, maring ing pepungkuran, ulapana wisa ingkang ngrusak santun, poma dipun kalampahan, wurunga sun upatani.



2. Ki Pamade wus anduga, ingkang semu gusti ana ing ati, kadang kadeyan tut pungkur, ing marga binisikan, sareng bekuh dhasar panas atining sun, aja kakehan wicara, gecas-gecos nuli mati.



3. Kocapa Kusuma Daha, ingkang lagi wungu denira guling, amicara jroning kalbu, kakang Brangus tan ana, baya lunga menyang ngendi paranipun, yata nulya gurah waja, Kusumane wong Kedhiri.



4. Wus amarek wewangunan, Bayan Sanggit wus amarek ing ngarsi, alon denira amuwus, ander ingkang pawongan, esmu luwe dhasar napsu Raden Galuh, kasongan denira dahat, semune lir Banaspati.



5. Aneng ngendi kakang Putra, alon matur sira Ni Bayan Sangigit, pan kawula maksih turu, wungune Raden Putra, kula dugi kanjeng Pangeran beburu, kadang kadeyan tan ana, kadi tumuru angiring.



6. Ki Pamade sampun prapta, ing ngarsane wau Ni Sekartaji, sigra wau sami lungguh, Punta lawan Kartala, aris mojar sira wau Raden Galuh, ana ngendi kanang Putra, nora betah pisah mami.



7. Ki Pamade aturira, Raden Ayu andika den timbali, dhateng Pangeran pukulun, aneng ing pepungkuran, welingipun raka dika Raden Brangus, sampun bekta upacara, andika lampah pribadi.



8. Lumampah Candrakirana, lembehane amredapa kasilir, tumindak amager timun, sarira den reraga, suku dubug weteng bekel anglempuruk, dhasar lesu arsa dhahar, anglir gajah gelonggongi.



9. Sapraptane pakebonan, ingkang mindha putrine wong Kedhiri, dipun candhak astanipun, mring Ki Punta Kartala, wong kekalih wau sareng narik dhuwung, Ki Pamade nginep lawang, Sekartaji jerit-jerit.



10. Lagi arsa pinarjaya, anjrit asru sira Ni Sekartaji, dipun sendhal mayang sampun, marang Bathari Durga, tinibakken ajale karuhun, tiba nagari Gagelang, sira Ni Mbok Wadalwardi.



11. Ki Punta kari anggana, Ki Pratala prasamya ngungun kalih, Ki Pamade alon muwus, iya karsaning dewa, padha matur ing gusti Sang Wirengluhung, matur yen uwus pralaya, aja na awalang ati.



12. Datan kawarna samana, lampahira wau sampun prapti, anging sinauran manggut, Ki Putra tan ngandika, datan pegat kawurciteng ingkang nglangut, kagagas ing manahira, polahira duk kariyin.



13. Raden Putra angandika, Carangwaspa sira kantuna yayi, ingsun kesah mangke dalu, karsa amati raga, arsa gulung ing jurang kalawan parung, ingong arsa maring Daha, manawa tan kinarsani.



14. Ki Prasanta atur sembah, leheng gusti mantuka ing Kedhiri, paran dene Raden Galuh, sampun mantuk ing Daha, bagi sukur yen kacandhak neng delanggung, aran sampun jatukrama, punapa winalang galih.



15. Raden Putra angandika, tan mangkana kakang ing karsa mami, lamun ingsun arsa nusul, marang ing prajeng Daha, yekti ewa yayi mas marang waking sun, mendah paman Aji Daha, dukane mring awak mami.



16. Angur baya matyeng wana, lah karia kabeh kadeyan mami, rumeksaa rama Prabu, bok ana parangmuka, kadeyane sedaya pan sami matur, kawula tumut Pangeran, dhateng wana ingkang sepi.



17. Ngandika Rahaden Putra, lah mantuka yayi mas Wukirsari, marang Daha ariningsun, kakangira wus prapta, uwus mulih kakangira Raden Galuh, Rahaden Wukirkusuma, matur sarya awotsari.



18. Welinge dhateng kawula, kakang embok ingkang pacuwanipun, kula sampun ngupatan, yen tilara dhateng Pangeran Pukulun, kapundhi wonten mastaka, weinge kang mindha Wasi.



19. Angandika Raden Putra, sun tarima tresnanira ing mami, winalesa dewa luhung, sira Dewi Onengan, amicara sajroning ati Sang Ayu, padu wong lamis kewala, ujar arsa maring mami.



20. Lir gerah ing Kasatriyan, para selir ingkang miyarsi warti, datan kawarna ing enu, surup Sang Hyang Raditya, ing nalika wayahira tengah dalu, kesahe Raden pUtra, kairing Retna hartati.



PUPUH XXVI



Dhandhanggula



1. Enengena wau Raden Panji, kang karaos amung ingkang garwa, Ki Wasi Jayengresmine, menggah tyase Sang Bagus, bisa temen agawe brangti, Ratu Ayu ing Daha, ingkang amindhaa priya, dipun tulus asiha kawelas asih, teka manira tilar.



2. Kawarnaa orenging nagari, Sri Jenggala miyos siniwaka, anging kalangkung dukane, Putra sepuh neng ngayun, adipati ing Wanagiri, Raden Nilaprabangsa, ingkang kinen nusul, marang ing Rahaden Putra, kadeyane sadaya sami angiring, wana agung sinasak.



3. Raden Putra kawarnaa malih, Onengan sanget tangise, wonten ingkang winuwus, kang andaka angadhang margi, satarane sagajah, anging bantheng tutul, kang sigra ingamukan bantheng gusis, tan pasah dening braja.



4. Ponang andaka awas ningali, lamun ana manungsa kang liwat, kawolu estri kathahe, ponang andaka tutul, amicara sajroning ati, iki ana manungsa, liwat ing delanggung, apa nora kulak warta, yen ing kene jalma mara jalma mati, apa kang sira sandhang.



5. Ponang andaka amunya ngerik, kadya gludhug wau kapiyarsa, lir gelap nander swarane, angundhang gurda ruhun, siti mawur nempuh pratiwi, sungu lungit apanjang, sawentis gengipun, lir pedhang yen tiningalan, anggegila kayu ageng den sundhangi, lir Durga ngangsa-angsa.



6. Kadeyan kabeh matur wonten drubiksa, pangeran daweg wangsul, angulari marga kang radin, mesem Rahaden Putra, pan awas andulu, amicara jroning nala, lamun estu kapanggih lan Sekartaji, mareka ingkang galak.



7. Raden Putra angandika malih, marang kadeyanira sadaya, andaka ngong kembarane, sakeh kadeyaningsun, aja ana tulung mring mami, sadaya ingupatan, poma aja tulung, kenaa dhendaning dewa, kadeyane sadaya sami anangis, giris mirsa upata.



PUPUH XXVII



G i r i s a



1. Anander ponang andaka, kadya thathit lampahira, kayu rebah ting sulayah, netrane anglir dahana, angajrihi kang andaka, buntutnya pan kadi teja, ilatnya anglir tembaga, anander kadya raseksa.



2. Ingundha Rahaden Putra, pepelingane kewala, sakedhap lali ing purwa, bramatya Rahaden Putra, sedayane arsa malesa, ngandika Rahaden Putra, ngandika Rahaden Putra, tibane antakanira.



3. Lir sanjata kang lumepas, pangajape Raden Putra, andaka ngerik malumpat, sanget ing pangajapira, tinadhahan asta kiwa, kena poke sungunira, yun polah datan kawawa, andaka emeh pralaya.



4. Ilatnya melet sadhepa, saking andaka, karinget miyos ludira, angundha datan kuwawa, suku ambles ing pratala, waketing andhemanira, andaka wus malih warna, mundur kaget Raden Putra.



PUPUH XXVIII



D u r m a



1. Angandika Raden Putra Dhawuhmarma, wong apa sira iki, kena ing cintraka, mau rupa andaka, warnanira gegilani, mengko wus ruwat, warnanira apekik.



2. Esmu tangis sira sang amalih warna, anuwun sihing gusti, kawula manungsa, anake tiyang tapa, aran Bagawan Sukarti, gusti pun bapa, pratapan langkung luwih.



3. Angandika Rahaden saparanira, matur saha wotsari, pun Kuda Bebangah, wasta kawula radyan, jeng tuwan Satriya pundi, tambet kawula, sinten sinambat wangi.



4. Kaping kalih pundhi sinedya pangeran, Rahaden ngandika, iya ingkang sinedya, ngulati dalaning pati, manira paman, dene ta delap urip.



5. Marmaningsun paman atinggal nagara, tan etang rama kalih, tinilar ing tresna, tambuh mati uripa, murca kala tengah bengi, cipta manira, kadi ta sampun lalis.



6. Alon matur sira Ki Kuda Babangah, gusti kula aturi, pinarak pratapan, ing Aldaka Pancuran, inggih pinaraka gusti, mring padhepokan, daweg kula pondhongi.



7. Kadya peksi ature ingkang kadeyan, sahe minggah ing wukuir, atakena tedah, dhateng ingkang palenggah, ecane angsal ngulati, kang karya brangta, ecane ingkang ati.



8. Sampun kesah lampahira Raden Putra, tigang dina ing margi, sumengka Aldaka, sela mangudha-undha, asawang wastra tinulis, lumut angrawat, tinon akarya brangti.



9. Sampun prapta aneng luhuring Aldaka, tumameng Parang Curi, ingkang sumamburat, lir manik awor mirah, toyanya atibeng trebis, pan kumarangsang, lam-lam Sang Narpasiwi.



PUPUH XXIX



S i n o m



1. Nangena Rahaden Putra, kocap Bagawan Sukarti, kinasihan ing Bathara, terus tingalnya awening, eca raosing galih, sang Wiku suka gumuyu, matur kang paliwara, Pukulun kang apalinggih, mila suka punapa margane baya.



2. Angandika Sang Pandhita, iya paliwara mami, putraningsun Si Bebabgah, mulya kadi wingi uni, baya wus pinasthi, karsaning Bathara luhung, apan ingkang angruwat, nenggih Ki Putra ing Keling, mila papa tinilar ing garwanira.



3. Mubeng ingkang paliwara, endhang-endhang den wangsiti, lir gerah ngarga Pancuran, ingkang sami caos bekti, samya ngrateng-ngratengi, Kuda Bebangah wus rawuh, sumungkem aneng pada, ing rama sarya anangis, gih kawula nuwun duka sih ngapura.



4. Alon delinge kang rama, sira Bagawan Sukarti, iya kaki sun ngapura, salahira maring mami, begja rinuwat kaki, mring Putra Marabangun, lawan sihing Bathara, sira manjinga ing ngabdi, walesira pecahe ing jajanira.



5. Saking gegering ancala, Sang Wiku kaget ningali, ing citrane Raden Putra, kadi dalancang winanting, lir sinendhal kang galih, Sang Wiku gupuh lumayu, sedyanira Ki Putra, arsa ngaturi bekti, kadhinginan Sang Wiku angrangkul madya.



6. Apan sampun ingancaran, Ki pUtra pan sampun kerid, samarga pinituturan, lir peksi arebut bukti, apan sang apalinggih, waged ngolah sang abagus, daweg minggah pratapan, pasaja denya alinggih, Sang Pandhita akaliyan Raden Putra.



7. Sang Pndhita angandika, milane prapta ing wukir, umatur Rahaden Putra, borong punapa Hyang kaki, kadi sampun udani, eyang sadyane pun putu, mesem kang amartapa, angsale wonten ing wukir, yen kilapa sedyane Rahaden Putra.



8. Milane tikar nagara, Rahaden Paduka inggih, datan etang kawibawan, sedya mati ing asepi, puniku luput ugi, ciptanira wong abagus, mundur kaya andika, anganiaya ing dhiri, mung sirike Rahaden wus wicaksana.



9. Putri Adi ing Mamenang, kang dadi telenging ati, kalingan godhong salembar, bata sarimbag nasabi, mila boten kapanggih, Rahaden ciptane luput, ingulatana Daha, Sang Putri datan kapanggih, awrat entheng biyadane wong Mameneng.



10. Leheng andika ngawula, ing ramanta ing Sang Aji, ri Sang Prabu Bauwarna, prayoganta kawulani, prayogane pun kaki, mendhema kula wong bagus, malar Prabu Ngurawan, tambuh lan andika benjing, malar mandar Ki Putra mundhaka luga.



11. Matur Raden Kasatriyan, inggih sandika Hyang kaki, Ki Putra ing Kasatriyan, angraos marem kang galih, eca genya alinggih, angandika Sang Awiku, ing paliwaranira, arsa suguh ing tetami, Sang Pandhita pungkuran den tingalana.



PUPUH XXX



P a n g k u r



1. Mudhun ingkang paliwara, kekemonge ingkang tinabuh nitir, agor swarane angungkung, enggar sakabehe endhang, sami caos samektane asesuguh, arsa malebet pratapan, sakancanira angiring.



2. Pepak sakathahe endhang, kang saweneh sangu tape lan jali, weneh sesalak jumawut, wenenh kang kumbu kacang, sakathahe para puthut lan manguyu, pepak sakathahe endhang, ing wukir lir banyu mili.



3. Pitung dalu pitung dina, Raden Putra pinarak aneng wukir, enting sukane Sang Wiku, Ki Putra wus winejang, kasudarmani ing kasusilan winuruk, miwah purwane kasedan, tan mundur tansah winisik.



PUPUH XXXI



D u r m a



1. Putuningsun aja banget kapi brangta, sira tinilar rabi, Ni Candrakirana, wus pasthi jodonira, tan kena owah lan gingsir, karsane dewa, sira pakuning bumi.



2. Alah iya ngawulaa ing Ngurawan, lan kadangira kaki, apa ramanira, tamuana parangmuka, teka ing sabrang sinekti, anak Bremana, negarane ing Keling.



3. Akekasih Ki Kalana Sewandana, ing sabrang tanpa tandhing, apan arsa nglamar, marang Kusumaningrat, marmitane angajawi, nateng Ngurawan, kewuhan jroning galih.



4. Arsa tampa Sang Putri pan datan tampa, akarsa dipun tampik, apan tan kuwawa, mungguh punggawa sabrang, mila sinangga ing krami, sira turuta, pituturingsun kaki.



5. Rabinira Ni Dewi Candrakirana, deni benjing kapanggih, tengaing payudan, wus karsaning jawata, lawan ta malihe kaki, ngaliha aran, malar rama Sang Aji.



6. Wong Ngurawan malah pangling marang sira, ngakua bocah wukir, sira jejuluka, Undhakan Maduretna, kalintang dening prayogi, Raden turira, sandika Eyang kaki.



7. Arinira ingkang aran Carangwaspa, angaliha wewangi, sira jejuluka, Undhakan Astracapa, Ki Lempungkaras prayogi, sira jejenga, karsaning sang palinggih.



8. Arinira kang aran Wukirkusuma, angaliha awewangi, sira jejuluka, kaki Carangwudita, sambada langkung prayogi, matur anembah, sandika anglampahi.



9. Ki Prasanta sira angalih aran, Ki Kebo Wanengbumi, alon aturira, saking sabda Jeng Eyang, inggih dhateng anglampahi ayahanira, pan sarwi atur bekti.



10. Ki Pamde sira angaliha aran, lawan prayoga mami, Ki Kebo Kenanga, yata sira Ki Punta, sira ingsun peparabi, Kebo Prakosa, kalihira wotsari.



11. Ki Kartala sira angaliha aran, lawan proyoga mami, sira jejuluka, Ki Kebo Kanigara, kalawan Ni Ragilkuning, ngaliha aran Ni Dewi Turuntangis.



12. Angandika Sang Wiku Ardi Pancuran, Bebabgah putra mami, poma aywa peka, gonira angawula, ing dyan Inu Kertapati, wewalwsira, pati kalawan urip.



13. Sampun telas welingira Sang Pandhita, Ki Putra sampun pamit, tumurun ing jurang, ingiring pra kadeyan, sakehe uwong ing wukir, sami kasmaran, marang Putra ing Keling.



14. Enengena wau ta mantri ing sabrang, ingkang lagi abaris, Gajah Penayaban, Tumemnggung Pangutilan, Demang Pambegalan nenggih, Arya Pangiwat, Ki Ngabei Ingapusi.



15. Gangsal ewu kathahe barise Sabrang, sakehe wong ing Keling, kang dhateng Ngurawan, iya kang dagang layar, binegal dipun jarahi, amring wong Sabrang, kang bangga den pateni.



16. Anarajang sira wau Raden Putra, apuyengan kang jurit, kadi saradula, sira Kebo Kenanga, Kebo Jalmaprang tan kari, anglir raseksa, wong sabrang akeh mati.



17. Abubaran sakarine ingkang pejah, punggawa kathah mati, kadya sulung babal, ingkang anandhang brana, arsa matur meing gusti, Raden lumampah, kadeyane kinanthi.



PUPUH XXXII



K i n a n t h i



1. Nengena ingkang lumaku, kocapa Putri Kedhiri, kadi lelayangan pegat, aneng tengaing wanadri, apan sampun kaideran, wukir ageng ing Kedhiri.



2. Lampahnya murang delanggung, Kusuma amindha Ratih, peksi kathah andum wohan, gumerah kadya ngaruhi, bedhagan pating karosak, kadi wong atuduh margi.



3. lampahira Raden Galuh, angubengi ing wanadri, lampahira murang marga, tan wonten sinedyeng ati, Putri Adi ing Mamenang, sesinome den waoni.



PUPUH XXXIII



S i n o m



1. Kocapa punggawa sabrang, ingkang nglacak ing wanadri, Ki Tumenggung Sumbanggita, lawan Ki Arya Giyanti, ingutus ing Narpati, samya kinen amburu, landhak kidang menjangan, sakathahe kang jejawi, anglir gerah swarane kang bala sabrang.



2. Wau ta ingkang lumampah, Kusuma Putri Kedhiri, kadi sasi karahinan, lir gurnita kilat thathit, lir sasi ngemu tulis, lampahe sarya kekudhung, miyos ing pagrogolan, sangune kang wadya alit, kang saweneh ningali lajeng kanthaka.



3. Miwah kang arsa nyekela, nulya niba datan eling, ana kang arsa angemban, nulya niba lir ngemasi, tan ana darbe urip, mulat wong ayu weh wuyung, saweneh pancakara, sami rowangnya pribadi, ana nyipta saweneh dudu manungsa.



4. Ki Tumenggung Sumbanggita, kaget amiarsa warti, dening ature kang bala, kawula matur kiyai, wonten wanodya luwih, langkung satengah wana gung, pangraose kang manah, Supraba ngambah wanadri, langkung kaget Ki Tumenggung Sumbanggita.



5. Tumurun saking turangga, sigra Ki Tumenggung prapti, sapadang tan kena ngucap, dene ayune linuwih, Sang Dyah angrespateni, salamine ngong tumuwuh, ingsun durung tumingal, wanodya ayu linuwih, amung iki musthikane pramudita.



6. Ki Tumenggung aris angucap, bibi sira wong ing ngendi, apa ingkang sira sedya, dene neng tengah wanadri, awecaa mring mami, ngendi pinangkaning pungkur, lawan saparanira, apa sira wus alaki, anauri Kusuma yu ing Mamenang.



7. Manira iki wong pajal, wismaningsun Candhi Maling, sampun alaki ping sanga, awak manira kiyai, sami pegat ngemasi, manira tanpa sedya, anut saparaning ati, araningsun kiyai Citralangenan.



8. Ki Tumenggung angandika, yen mengkono nira Nini, sun aturken gustining wang, warnanira ayu luwih, pasthi kagem sang Aji, kang mangkuwon kali Dhadhung, ing tingkah polahira, sun dulu anjatmikani, mung cirine dene pajal polahira.



9. Mojar Ni Citralangenan, wong punapa awak mami, lah paman sakarsanira, Ki Tumenggung ngandika ris, mring kang punggawa mantri, apan kinen karya tandhu, wantu tetiyang kathah, sakedhap apan wus dadi, kawarnaa Kusuma sampun kabekta.



10. Ki Tumenggung Sumbanggita, manahira cilik wukir, warege datampa mangan, rumangsa yen angsal kardi, sira kang mindha ratih, amicara jroning kalbu, priyayine Jenggala, Pangeran takona warti, yen cethine ginawa wong tanah Sabrang.



11. Nengna wau kang binekta, kocapa Sri Narapati, sang aprabu ing Ngurawan, enjing amiyos tinangkil, pepak para bupati, santana para Tumenggung, Ngabei sinang Arya, andher ngarsane Sang Aji, aneng ngarsa kyan apatih Jayasinga.



12. Nanging Sang Prabu Ngurawan, pan lagya kemengan galih, adhahar datan sakeca, Putra tan kena tinari, pilalah angemasi, Sang Dyah lenggana kalangkung, krama narpati Sabrang, mila kemengan Sang Sji, Putri Adi Ngurawan tan arsa krama.



13. Arsa pinaguting yuda, angraos datan kuwawi, mring kalana Sewandana, asugih bala prajurit, karanten sring bupati, langkung emeng manahipun, tansah sinangga krama, wus lami genya ngecani, Sri Narendra karaan aminta sraya.



14. Apatih sira ngong duta, sira kang ingsun prayogi, angupaya minta sraya, kang pantes metu nagari, ingkang yogya kuwawi, amagut dhateng Melayu, kyan apatih wotsekar, inggih sandika Dewaji, linge nata sadina mengko miyosa.



15. Kaki Arya Sinjanglaga, pryoga sira ngong tuding, sira anggawaa surat, kinarya upaya sandi, sira aturna ugi, kang makuwon Kali Dhadhung, mangsa bodhoa sira, amrih wutuh kang nagari, aturena layangingsun ing Sang Nata.



16. Kocapa dipati sabrang, ingkang siniwakeng mantri, bala gung kadi hernawa, andher kang para dipati, prajurit tanda mantri, tanapi para tumenggung, andher munggeng ngajengan, ingkang tansah dipun tari, mantri tuwa Tumenggung Ujungsebata.



17. Kalangan denya ngandika, kasaru wau kang prapti, Ki Tumenggung Sumbanggita, prapta ngarsane narpati, matur sarwi wotsari, nuwun duka Sang Aprabu, pun bapa tur padekan, wanodya ayu linuwih, marginipun pinanggih tengahing wana.



18. Sri Bupati angandika, bapa sun tarima kasih, sun karyane jejambalan, yen si warnane abecik, ingsun arsa udani, aturna ing ngarsaningsun, wus katur ing Sang Nata, Kusuma kang mindha ratih, samya leng-leng sakathahe kang sewaka.



19. Ki Kalana Sewandana, wuwuse arum manis, babo sapa aranira, kang tinanya matur aris, kawula Sri Bupati, inggih wong papa wulangan, kawula gih Sang Nata, badan kawula puniki, wasta kula inggih pun Citralangenan.



20. Nengna Kusuma ing Daha, ingkang binekta wong Keling, kasaru wau kang prapta, Raden Arya Banyak Tulis, ingutus Sri Bupati, ambekta nuwalanipun, wus prapta pamondhokan, cingak sagung wadya Keling, ing Ngurawan utusan ngaturi serat.



21. Raden Arya Panyangringan, pan sarwi amundhi tulis, Tumenggung Ujungsebata, umatur dhateng Sang Aji, wonten duta narpati, utusanira Sang Prabu, inggih rayi Paduka, ingkang ingutus mariki, ingkang wasta Raden Arya Panyangkringan.



22. Ki Kalana Sewandana, denya angandika aris, iya sira timbalana, yayi mas ingkang Banyak Tulis, kang kinon atur bekti, risaksana tan adangu, prapta kang ingandikan, ingawe dening Sang Aji, lah ing kene yayi mas sira linggiha.



23. Sampuning tata linggihnya, matur Raden Banyak Tulis, kawula inggih dinuta, dening rama Paduka JI, kenen ngaturi tulis, inggih tinampanana, dening Sang Nata ing Keling, dyan binahar kang serat nuli winaca.



24. Penget bebukaning serat, Ngurawan Sri Narapati, dhumateng ingkang putra, Sri Narapati ing Keling, ingkang digdaya mukti, amarentah para ratu, wiyosipun kang serat, dene ta Sri Narapati, angarsakken rayinta Sang liring Retna.



25. Manira dhateng sumangga, sukur bage asta kalih, muga silih tinulusa, akaronsih lan kang rayi, nanging panedha mami, dipun asabar karuhun, benjang mangsa wandea, ingsun rih-rihe kariyin, ingkang rayi dhasare rare ugungan.



26. Dena ta atur kawula, yen angsal pataren benjing, enggal kawula utusan, dhumateng Sri Narapati, sampune maos tulis, Sang Nata suka kalangkung, yayi sira matura, ing rama Sri Narapati, ingsun yayi aja silih pindho karya.



27. Sang Nata mundhut busana, kang rayi wus pinisalin, busana kang abra muncar, Sri Narendra ngandika ris, manira uga yayi, apan balaba kalangkung, lawan iku gotongan, kang isi busana adi, guru bakal guru dadi apan ana.



28. Alah iku aturena, marang rama Sri Bupati, Raja Putra atur sembah, pan sampun anuwun pamit, lumengser sing ngarsaji, ingiring ing wadya agung, Kalana Sewandana, langkung bungah tan sinipi, ngembat pupu pan sarwi alatah-latah.



29. Nengna wau Sri Narendra, kocapa Ngurawan patih, ingutus ngulati sraya, dhumateng Sri Narapati, wus prapta ing wanadri, Ki Patih ing lampahanipun, kesah datanpa rowang, aneng tengah ing wanadri, pitung dina sapta dalu aneng wana.



30. Sigegen rakyan apatya, kocapa ingkang lumaris, ingkang arsa mring nagara, den iring kadeyaneki, lampahe nurut margi, wirandhungan radyan bagus, ingkang sinedyeng nala, nagari Ngurawan singgih, Raden Putra lampahe sampun alama.



31. Mangkana rakyan apatya, tumingal Satriya Keling, den iring para kadeyan, garjita tyasira patih, iki Satriya ngendi, dene bagus warnanipun, kanem lawan wanodya, wus panggih rakyan apatih, lawan sira Ki Undhakan Maduretna.



32. Wus sami tata alenggah, sira Satrya ing Keling, lawan patih Jayasinga, umatur rakyan apatih, radyan Satriya pundi, lawan sinten namanipun, pundi ingkang sinedya, ngandika Satriya Keling, inggih kula Sanatriya ing Aldaka.



33. Angandika Raden Putra, pun paman tetiyang pundi, kawula tiyang Ngurawan, ngulati ing sraya sandi, ing Ngurawan narpati, katamuan mungsuh agung, Narapati tanah Sabrang, punika ingkang dhatengi, akekasih Ki Kalana Sewandana.



34. Pangandikane Sang Nata, dhumateng kawula gusti, sinten ingkang ngundurena, dhumateng Narendra Keling, ageng ganjaraneki, rabi Putri mengku kraton, boten mastani tiyang, sanadyan ta tiyang alit, pinaringkena Putri Adi ing Ngurawan.



35. Lan jinenengken dipatya, punika ganjaranneki, umatur Rahaden Putra, yen makaten paman patih, kawula anglampahi, sanadyan tumekang lampus, lebure kadi kisma, nglampahi karsa Narpati, mung punika atur kawula prasetya.



36. Raden Putra wus umangkat, den iring kadeyanneki, Ki Patih kang munggeng ngarsa, wus prapta ing tepis wiring, padedesan paminggir, kathah wong desa andulu, nengna wau kang mlampah, kocapa Sri Narapati, enjing miyos pepak sagung pra dipatya.



37. Eca imbalan wacana, kasaru sowaning patih, Sri Narendra angandika, kaya paran sira patih, ingong utus ngulati, sandi sraya aneng gunung, matur sarya wotsekar, lan punika sang dewaji, sareng mulat Sang Nata datan ngandika.



38. Sang Aprabu ing Ngurawan, wuwuse arum manis, babo endi wismanira, lan sapa sinambat ing sih, Raden matur ngabekti, inggih kawula ing gunung, wasta ardi Pancuran, dereng pirsa ing nagari, ajejuluk Ki Undhakan Maduretna.



39. Angandika Sri Narendra, babo sira ingsun tari, apa sira sumanggupa, ngundurken Satriya Keling, matur Rahaden Panji, kawula boten sumanggup, nanging pangraos, manah, yen wonten karsa Narpati, pejah gesang sumangga karsa Sang Nata.



40. Ki Undhakan Maduretna, ature lir madu gendhis, dhumateng Sri Naranata, pinten banggi tiyang wukir, yen ta wageda gusti, ngunduraken mungsuh agung, ngandika Sri Narendra, yen mangkono sira kaki, Maduretna kaya trahe guladrawa.



PUPUH XXXIV



Dhandhanggula



1. Manawa sira ingkang nanggupi, ngundurna mring parangmuka sabrang, ya mangko sira Rahaden, ingsun paring jejuluk, Ki Tumenggung Cakranagari, daleme lore pasar, linggiha wong sewu, Rahaden nuwun aturnya, gih sandika punapa karsa Narpati, saking sihing Narendra.



2. Aluwaran Sang Nata tinangkil, miwah Tumenggung Cakranagara, sampun mantuk ing daleme, Ki Patih atut pungkur, dalemira, sampun miranti, kaprenah loring pasar, prabayakan kidul, patedhanira Sang Nata, saking pura anglir pendah banyu mili, busana adi mulya.



3. Enengena wau ta kawarni, Arya Tumenggung Cakranagara, cinandhak kang caritane, kawarnaa Sang Prabu, ing Ngurawan miyos tinangkil, pepak para dipati, punggawa supenuh, samya sadhiya ing yuda, Sri narendra akarsa miyosi Sabrang.



4. Sri Narendra angandika aris, sakathahe kang para kadeyan, tandha mantri sakancane, kang sumedya ing kewuh, prarsakena timbalan mami, kabeh padha ngidhepa, saparentahipun, Tumenggung Cakranagara, anakingsun gawe Senapati, niyakaning ngayuda.



5. Bendheningsun si penantang jurit, Patih gawakna ing putraning wang, lan tunggul Sri Rarangawe, Kyai Patih nembah matur, ingundhangan sadhaya sami, tan antara wus budhal, kang baris pangayun, gumuruh lampahing bala, samya enggar wadya kang pra sami jurit, ingkang samya kasmaran.



PUPUH XXXV



Asmaradana



1. Sampun angaturi pamit, Tumenggung Cakranagara, amengkul pada sang katong, ingiden nulya amungkat, ingiring dening wadya, medal saking ngalun-alun, gumuruh swaraning bala.



2. Datan kawarna ing margi, lampahe pan sampun prapta, lajeng campuh pangajenge, lawan wadya Kasabrangan, rame langgar-linanggar, wong Jawa kalangkung purun, wong sabrang datan kuciwa.



3. Tan ana angucap ajrih, wong Jawa lan tanah Sabrang, ganjur-ganjur arame, angenti surak-sinurak, keh mati long-linongan, wong sabrang sami binuru, ingamuk wadya Ngurawan.



4. Lumayu angungsi titing, kandheg wadya ing Ngurawan, kinarutug bedhil akeh, mimis tiba kadi udan, wong Ngurawan keh pejah, mundur kang urip sinurung, dening wadya kasabrangan.



5. Sarta kinarutug bedhil, mawur wadya ing Ngurawan, kang tatu pating dharengkleh, nulya wadya pepilihan, anglambung saking kanan, kekapalan kalih atus, sareng anyemethi kuda.



6. Wong Sabrang tinunjang wani, mawur bali pambitingan, tinumbak pating baloncor, kang urip sami lumanjar, angungsi pambitingan, lunut ingoyok-ingamuk, dening wadya ing Ngurawan.



7. Kang ana sajroning biting, wang Sabrang sami prayitna, sareng sinubed bedhile, mariyem lan kalantaka, swara lir gunung rebah, wadya Ngurawan maledug, lumayu asalang tunjang.



8. Yata kasaput ing wengi, samya kondur masanggrahan, amakuwon dhewe-dhewe, wadya bala kasabrangan, tuwin wadya Ngurawan, amasanggrahan sadarum, tinon barise balabar.



9. Amondhok tan mawi biting, wadya bala ing Ngurawan, padha temeng dhadha bae, yata genti kawarnaa, bala ing kasabrangan, prasami prayitneng kewuh, sadalu tan ana nendra.



10. Yata kang winuwus malih, Ki Kalana Sewandana, duk sineba Sang akatong, Ki Patih kang munggeng ngarsa, miwah para punggawa, Ujungsebata Tumenggung, lan Rangga Gajahpermada.



11. Lan Demang Panantang jurit, Ki Ngabehi Macangalak, lan Arya Jagasatrune, alon ngandika Sang Nata, proye wartane jaba, Kyai Patih nembah matur, kawula atur wuninga.



12. Gusti jeng Sri Narapati, Sri Narendra ing Ngurawan, sampun den pacak barise, watawis wong tigang nambang, kala wau duk siyang, datenge prajuritipun, sami kendel masanggahan.



13. Pan sampun dipun ayomi, abdi dalem kang pecalang, dipun tunjang pangajenge, watawis wong pitung dasa, kang sami kekempelan, rame ganjur-ginanjur, genti asor long-linongan.



14. Angandika Sri Bupati, Rama Prabu ing Ngurawan, angayomi maring ingong, sapa kang den andelena, matur rakyan apatyarama tuwan Sang Aprabu, kawula midhanget warta.



15. Kang kinarya Senapati, antukipun minta sraya, Raja Sinatriya kaot, kalangkung pinutra-putra, tiyang saking Aldaka, sinengkakaken ing luhur, Tumenggung Cakranagara.



16. Iku karepe Sang Aji, kang aran Cakranagara, bapa den adu lan ingong, kinembar ing Aldaka, ya besuk awasena, Tumenggung ingsun sarimpung, bapa sun gawe tontonan.



17. Nurda angenaki ati, gelare Ratu Ngurawan, kaya dudu ratu kaot, aweh ujar kamandaka, gawe dora sembada, dudu pratingkahing ratu, alah iya sumbalinga.



18. Heh Patih parentah mami, sakehe punggawaning wang, padha sun pundhut getihe, aja na wong mulih waras, atakera ludira, sun ajak barenga angamuk, bocah ingsun kasinoman.



PUPUH XXXVI



S i n o m



1. Sampun denira mematah, Sang Nata kondur tumuli, malebet ing pasanggrahan, Sang Patih kantun neng jawi, genti ingkang winarni, barise Raden Tumenggung, pan lagya panguneman, ing dalu lan para mantri, pra kadeyan sadaya atap ing ngarsa.



2. Sampun rembag ingkang karsa, Rahaden kondur tumuli, malebet ing pasanggrahan, kang wulucumbu tan kari, ing gusti tan atebah, ngandika Raden Tumenggung, kang Prasanta dandana, karone sun ajak mati, ingsun arsa ing mangke alaku dhustha.



3. Pasanggrahaning Kalana, ingsun arsa aningali, pasang rakite kang mengsah, kang wulucumbu tur bekti, inggih gusti suwawi, anelik prajane mungsuh, nulya Rahadyan mlampah, lawan panakawan kalih, tan kawarna ing marga Raden wus prapta.



4. Wong Sabrang tan ana wikan, agenti ingkang winarni, Kusuma Candrakirana, kang tansah nahen prihatin, pira lawase mangkin, neng pakuwon Kalidhadhung, meh andungkap sawulan, namung kantun tigang latri, ubanggine cinangkraman ing Sang Nata.



5. Saben-saben Sang Kusuma, yen arsa den cangkramani, dhumateng Sri Naranata, kathah ubangginireki, pinarnahken Sang Dewi, aneng bangsal Purwalulut, aneng sanggar pamlengan, kang kori tansah kinancing, siyang dalu Sang Dyah anipta pralaya.



6. Kalamun rinuda paksa, anglegani Sri Bupati, akarsa atuwek raga, leheng tumekaa pati, yen dalu tanpa guling, kang tansah kacipteng kalbu, Ki Putra ing Jenggala, baya dika nora ngimpi, lamun rinta kakangmas arsa palastra.



7. Sapa baya kang welasa, angrebuta awak mami, atulung ing kawlas arsa, amung dika Raden Panji, pira lawase mangkin, yen kangmas datan anusul, dhateng awak kawula, pasthi yen kawula mati, basa misih leng-lenge saya andadra.



8. Kalangkung ing amengira, ing manah Putri Kedhiri, tambuh kang sinambat-sambat, lir tatu sinuduk gunting, kadya sata memeti, sang Retna munggah tumurun, amicara ing nala, kaya priye polah mami, kaki dewa banjuten jiwa kawula.



9. Yan tan tinekan ing Dewa, panedha kawula singgih, leheng kawula pejaha, urip tan samining janmi, kawarnaa kang prapti, sira Rahaden Tumenggung, ingkang amindha dewa, malebet prenah Sang Putri, duk jumeneng Raden ing wingking Sang Retna.



10. Adangu tan angandika, Sang Retna den lingi-lingi, sinawang saking ing ngarsa, Raden amicareng ati, munthikane sabumi, iya uga mirah ingsun, anenedheng jawata, geneya sakit kang galih, kang amindha dewa alon angandika.



11. Pukulun putu manira, kang ladya muja semedi, apa Nini sira tedha, marang Bathara kang luwih, wis luwarana Nini, ingong jawata anurun, Kagyat duk kawistara, Sang Dyah wedhar asta kalih, wus alenggah kalangkung ngenorken raga.



12. Matur Sang Dyah awotsekar, pukulun sida Bathari, sapa sinten kang tumedhak, jawata kang anuruni, mring wong kawlas asih, kang mendha dewa sumaur, kalamun sira tannya, iya maring jeneng mami, kang anama ingsun Bathara Marwata.



13. Ingsun atanya ing sira, apa sedyanira Nini, anenedha ing jawata, lamun jaluk warna adi, sira ayu linuwih, sapa kang kaya sireku, yen jaluka mas retna, apan sira wus asugih, apan sira dadi garwane Narendra.



14. Tur sira Putra Narendra, yen jaluka jatukrami, apan sira wus akrama, pan oleh Ratu sinekti, ing Sabrang Narapati, pan angreh samining Ratu, matur Kusuma Daha, pukulun Sang Dewa luwih, luhung pejah tan asra krama wong Sabrang.



15. Pukulun Dewa Bathara, kawula taken yang kaki, laki kawula Dyan Putra, punapa maksih asih, dhateng kawula yekti, kalih dene malihipun, punapa anusula, dhateng kawula yang kaki, lamun inggih pundi gen kawula panggya.



16. Kang mindha dewa angucap, apa sira masih asih, maring Raden Kasatriyan, Raden Inu Kertapati, matur Kusuma Dewi, langkung asih awakingsun, lamun boten panggiha, pasthi kawula ngemasi, angandika sira kang amindha dewa.



17. Mengko sira apanggiha, kalawan Rahaden Panji, lah Nini gumatenana, yen mengko sira kapanggih, ywa taha-taha Nini, pasthi kalamun ketemu lah ya punagenana, kadangira Raden Panji, gih sandika punapa karsa paduka.



18. Kalamun datan panggiha. Kula tempahken ing kaki, lawan kakang Raden Putra, leheng dhumatenga pati, kang mindha dewa angling, iya putu putuningsun, sira gumatenana, mengko Nini sun tuturi, sajatine sesupe sasra ludira.



19. Sang Dyah micara ing nala, kaki dewa sun watawis, baya lagi kemlaratan, teka mundhut ali-ali, anulya Sang Suputri, kalpika pinecat sampun, dhapur sasra ludira, ingaturaken tumuli, tinampanan kalpika sasra ludira.



20. Sang Retna micareng nala, duk nampakna ali-ali, kaki Dewa asembrana, teka amijet dariji, Sang Dyah ewa kang ati, kang mindha Dewa amuwus, heh babo wruhanira, putu putuningsun Nini, Raden Putra duk lagi sapungkurira.



21. Kalangkung brangta angarang, tan kena dhadar lan guling, mung sira Nini kaetang, kang dadi paraning brangti, iya petangan mami, besuk sira atetemu, kalawan lakinira, poma wekasingsun Nini, yen ketemu anuli gumatenana.



22. Sakarsane turutana, aja nganggo isin-isin, Kusuma matur anembah, inggih-inggih eyang kaki, kalamun masih sudi, angabdekaken maringsun, matur Kusuma Daha, yen makaten eyang kaki, ingkang mugi yang kaki angatingala.



23. Sang Putri awas tumingal, dhumateng wau dyan Panji, nyata Putra ing Jenggala, Raden Inu Kertapati, tan samar tingalneki, Sang Putri awas andulu, toh sepah munggeng lathya, pilih ingkang ngudaneni, lamun nora Putri Adi ing Mamenang.



24. Sareng campuhing paningal, lir barung kilat lan thathit, syuh rempu tingal kalihnya, Rahaden amuwus aris, Karsaning Bathara ning, yen sira panggih lan ingsun, dhuh yayi jiwaning wang, kang dadi telenging ati, amung sira musthikaning pramudita.



25. Pinondhong Kusuma Daha, wau dhateng Raden Panji, kinidung Palugangsa, palugon Kadhiri miring, eca denira guling, wau sira Raden Galuh, meh kongsi karainan, aneng jroning tilamsari, pukul tiga wayah duk samana.



26. Rahaden alon ngandika, wau dhateng ingkang rayi, lah yayi sira karia, ingsun arsa amijil, matur Kusuma Dewi, kawula tan purun kantun, nadyan tumekeng pejah, kawula dhateng nglampahi, pan kawula andherekaken paduka.



27. Tumenggung Cakranagara, wus mijil saking jro puri, wong dalem tan ana wikan, sadaya eca aguling, miwah wadya lit sami, kang sami jaga pakewuh, tan ana ingkang wikan, sakesahe kusumadi, Sri Bupati eca denira anendra.



28. Sakathahe wadya Sabrang, sadaya dipun cukuri, maring Ki Menak Prasanta, miwah brengose kang sisih, lawan godhege sami, den cukur tundha tetelu, sadaya cinorengan, kunir apu areng jati, cinorekan pinindha asu kerahan.



29. Ki Patih Ujengsebata, den cukur bebrengosneki, den perapat rambutira, tur sarwi den ekuciri, sadaya tan udani, eca denira turu, wadyabala ing Sabrang., sadaya datan udani, Sri Narendra cinukur bebrengosira.



30. Kang pindha dewa umedal, Sang Putri sampun kinanthi, panakawan kalihira, tan kari mring Raden Panji, tan kawarna ing margi, ing pasanggrahan wus rawuh, sampun natas rahina, datan cinarita malih, ingkang mundur saking pasanggrahan Sabrang.



PUPUH XXXVII



D u r m a



1. Kawarna wadyabala tanah Sabrang, kang sami den cukuri, pan tangi sadaya, wungu denira nendra, sadaya gujengan sami, sakancanira, samya pating cakiki.



2. Kyai Demang asru denira ngandika, lah ta paran sireki, agumuyu suka, matur Ki Lurah Bangsa, kawula dipun cukuri, brengos kawula, lawan godheg sasisih.



3. Lurah Kerti umatur sarwi alatah, kawula matur Kyai, dene jengandika, teka mawi kuciran, brengose ilang sasisih, mawi alathah, kunir apu lan mangsi.



4. Kyai Demang umatur rakyan apatya, kawula tur upeksi, kala dalu ika, kalebetan duratmaka, sakathahe wadya alit, kang jageng pura, sadaya den cukuri.



5. Kyan apatih asru denira ngandika, manira datan uning, katemua mring wang, sun gawe kekeboan, maling kang saba ing puri, nora kayaa, manira bapa maling.



6. Ngembat asta Ki Patih Ujungsebata, angusap brengose kalih, apan datan ana, kalangkung merangira, aningali wadya alit, kang aneng ngarsa, duka yayah sinipi.



7. Sri Bupati daweg wungu saking Nendra, Ki Patih munggeng ngarsi, pan sarwi tur sembah, Dewaji atur tiwas, salebeting dalem puri, klebetan dhustha, kalangkung dening sekti.



8. Prabu Klana saklangkung bramatyanira, lah pariksanen Patih, sakehe jro pura, apa ingkang den gawa, sandika aturing Patih, sampun den priksa, sajroning dalem puri.



9. Dalem puru wus pinariksa sadaya, maring rakyan apatih, wetah sadayanya, tan ana ingkang ilang, ananging Kusuma Dewi Cintralangenan, ingkang ginawa maling.



10. Sri Bupati kalangkung ing dukanira, sailange Sang Putri, de tan ana wikan, sagunging wong jero pura, kang sarta amanggih tulis, neng pasarean, katur ing Sri Bupati.



11. Ungeling srat katur mring prabu Kalana, aja kelangan rabi, ingsun kang anggawa, Raden Cakranagara, serayane Sri Bupati, Prabu Ngurawan, lah papengen ing jurit.



12. Sri Bupati kalangkung kramatyanira, lah undhangana patih, sagung wadyaning wang, sakeh wong tanah Sabrang, konen sadhiya ing jurit, patih tur sembah, inggih sandika Gusti.



13. Kyan apatih wus lengser saking jro pura, angundhangi jurit, sagunging prajurit, sagunging wong Sabrang, kang sami seseliran, kang saos ngarsaning Gusti, samya sadhiya, sakaprabaning jurit.



14. Kawarnaa barise wadya Ngurawan, nedya miyosi jurit, kang para dipatya, miwah para prawira, kadeyan prajurit sami, nata gegaman, sarta kang amindhihi.



15. Wus tinata pasang rakite gegaman, sarta kang anindhihi, rakiting ayuda, Ki Tumenggung priyangga, Kang Nata sikeping jurit, anitih kuda, kudane wira-wiri.



16. Wong Ngurawan para mantri seseliran, kang baris aneng ngarsi, sagegamanira, tengeraning ayuda, kendhang gong bendhene tinitir, tunggul tengeran, sira Raden ing ngarsi.



17. Wus busana sasikepe ing ngayuda, kadi prawata asri, wadya sikep tumbak, benang lan kapurancang, bungal pel wregu jininggring, ponthang lan mamas, daludag tinon asri.



18. Tinindhihe Ki Undhakan Astracapa, padha wong Jayengpati, mungsuh wong ing Sabrang, ika sareng tumingal, wadya Ngurawan metoni, dupi angungak, nulya tinunjang wani.



19. Sareng nempuh wadya bala Kasabrangan, sagegaman ngebyuki, kang baris pangarsa, wadyabala Ngurawan, kapanggih datan gumingsir, wong Kasabrangan, lir buta mangsa daging.



20. Kadi singa tandhange wadya ing Sabrang, dasar bajo ngajawi, ambendrong sanjata, lembing parah lir udan, sareng lumayu angisis, baris Ngurawan, dhadhal angungsi wuri.



21. Sasikepe sadaya tilar dandanan, sagegamaning jurit, wong Sabrang tumingal, kang sami ninggal gaman, anulya rinebut wani, pating kurangsang, ingkang sami jarahi.



22. Tanpa mulat kang sami rebut dandanan, dyan kawarnaa nenggih, wadya sesimpenan, Rahaden Astracapa, sabalane anadhahi, sareng umangsah, kinarubut ing bedhil.



23. Sareng muni kadya guntur kang prawata, wadya Sabrang angisis, wong ing Tumenggungan, iku nulya anunjang, mantri jero wong kapilih, campuh ing yuda, kadi wreksa kabesmi.



24. Ting sulayah polahe wong tanah Sabrang, tinunjang-tunjang sami, bature priyangga, ana tumbak-tinumbak, ana kang keris-kineris, pedhang-pinedhang, sami batur pribadi.



25. Pan gumaregah swarane wong nandhang brana, dhuh bojoku sun mati, ana kang lumajar, anulya dipun tumbak, sami bature pribadi, bature wuntat, anulya males ngeris.



26. Ting bilulung ing tengah uleng-ulengan, wong Ngurawan nadhahi, lir ambabad gedhang, wangke pating sulayah, pan kadi babadan pacing, punggawa Sabrang, kang sami anindhihi.



27. Anarejang Ki Tumenggung Macangalak, kudane den cemethi, sarya ngagem watang, dhapur biting lanangan, Macanwulung anadhahi, silih prajaya, rame ukih-ingukih.



28. Kasaling Ki Tumenggung Macangalak, anulya den larahi, jajanira bengkah, nerus maring walikat, tiba saking kudaneki, Gajahpermada, narajang saking keri.



29. Sikep watang waose den embat-embat, macanwulung den incih, akebat Ki Demang, tinrajang saking kanan, Ki Permada anglarihi, lambunge bengkah, jejaringane mijil.



30. Tan amindho niba mati kapisanan, Demang Penantang jurit, nulya anarajang, waosipun den embat, dapuripun parung sari, tangguhe jigja, Ki Rangga anadhahi.



31. Saking keri Ki Demang Panantangyuda, winatang guluneki, niba kapisanan, Dipati Nganjar nrajang, Ki Rangga ingkang nadhahi, sampun winatang, jajane angemasi.



32. Ki Undhakan Astracapa wus tumingal, narajang saking keri, waose ingembat, dhapur biring lanangan, anulya dipun larihi, Raja Makasar, kena lambunge keri.



33. Yata niba sira mati kapisanan, tan ana mangga pulih, wong Sabrang tumingal, dipatinira pejah, anulya narajang baris, ingkang agesang, lumayu ngungsi biting.



34. Kyan apatih katunjang ing wadyabala, ingkang angungsi urip, kyan patih tumulya, wadya bala Ngurawan, kang samya prawireng jurit, langkung bebaya, kapungkur anututi.



PUPUH XXXVIII



P a n g k u r



1. Wong Sabrang tunjang-tinunjang, palayune padha angungsi urip, wadya Ngurawan amburu, kabur wong tanah Sabrang, Kyan Apatih wus matur dhateng Sang Prabu, yen wadyane kathah pejah, Sang Nata duka tan sipi.



2. Yen mangkono sira patya, undhangana sakehe pra dipati, padha dandana ing kawuh, ingsun ingkang mapaga, ing yudane iya marang Si Tumenggung, kang aran Cakranagara, sun cekele padha siji.



3. Sampun surup Sang Hyang Arka, Sri Narendra wus masanggrahan sami, den iring ing wadyanipun, sakantune kang pejah, kawarnaa wadyanira Ki Tumenggung, ingkang sami menang aperang, wus andum jarahanneki.



4. Sadalu samya drawina, wadyanira wau Ki Adipati, swaraning umyang gumuruh, ngrangin ponang gamelan, tan kawarnaa sampun enjing wayahipun, wus nitir punag tengara, gong berine munya asri.



5. Sira Sang Prabu Kalana, miyos ing perang den iringi wadyaneki, sarya nitih limanipun, binusanan sarwendah, alelarap sang kelat asih amurub, pinalisir sutra jenar, sanggawedhi mas rinukmi.



6. Wus tinabuh kang tengara, tambur muni dinulu angajrihi, bendhe tinabuh angungkung, gong beri asahuran, sampun tata sawadyane Ki Tumenggung, kang arsa umagut yuda, wong Ngurawan padha wani.



7. Sampun campuh kang ayuda, baris ngarsa wong Sabrang angebyuki, wong Sabrang kathah kang lampus, datan mangga puliha, Prabu Kalana kalangkung bramatyanipun, anulya nyamethi kuda, sikep lawung ngasmarani.



PUPUH XXXIX



Asmaradana



1. Asumbar-sumbar Sang Aji, wong Ngurawan lah metua, papagena tandanging ngong, prajurite wong Ngurawan, prajurite wong Ngrawan, ingsun arsa uninga, payo padha ganti lawung, kang aran Cakranagara.



2. Ki Tumenggung muwus aris, mring kang rayi Astracapa, wruhanira kaki Raden, ingsun arsa magut aprang, yudane Si Kalana, Ratu ing Keling puniku, dene peksa kumawawa.



3. Yayi mengko ingong jurit, tingalana saking wuntat, polaingsun ing paligon, Raden Astracapa nembah, nuwun duka Pangeran, kawula aturi kondur, pun Astracapa manguta.



4. Alah Astracapa yayi, lamun sira magut yuda, den yitna sireng palugon, aja sira apepeka, den bisa arining wang, aprang lawan Sang Aprabu, Ki Kalana Sewandana.



5. Wus linilan mring Sang Panji, wau Raden Astrcapa, arsa mapagaken yudane, Sri Kalana Sewandana, uwus ayun-ayunan, Ratu Sabrang duk andulu, Satriya kang lagya prapta.



6. Sang Nata gumuyu angling, iki wong bagus utama, sapa aranira panten, apa Si Cakranagara, eman lamun matia, sira badhe ariningsun, kaya ngapa kadangira.



7. Kang liningan sru ambekis, sira ngagem maring ingwang, banget panarimaning ngong, mung bae aku tan arsa, den eman mring wong Sabrang, lumuh den aku sadulur, aluwung sira mundura.



PUPUH XL



D u r m a



1. Asru mojar Ki Kalana Sewandana, warnanira apekik, tan kena den eman, endi Cakranagara, kang jumeneng Ki Dipati, sira mundura, eman manawa mati.



2. Aja sira ngundhamana ing Pangeran, kang aran Ki Dipati, ingsun bae iya, angembari ing sira, iya ingong ingkang rayi, Ki Astracapa, payo tandhing ajurit.



3. Asru mojar Ki Kalana Sewandana, manawa tan kuwawi, amungsuh lan ingwang, lah age amundura, Ki Astracapa nauri, heh kumalancang, kang kaya sira iki.



4. Nadyan silih warnaa buta raseksa, iya dhasa sakethi, baua saleksa, mangsa ingsun ulapa, Klana Sewandana runtik, asru anyentak, Rahaden dipun titir.



5. Apan panggah sira Raden Astracapa, tinitir datan gingsir, asru wuwusira, Kalana Sewandana, amalesa padha becik, Ki Astracapa, asru numbak anitir.



6. Apan panggah Ki Kalana Sewandana, tinitir langkung prawiranya, samya prakosanira, aganti sinilih ungkih, sareng anggebang, putung watangnya kalih.



7. Pan trangginas Ki Kalana Sewandana, anulya narik keris, murub kang curiga, asru pangucapira, Ki Astrcapa tinitir, asru pangucapira, Ki Astracapa tinitir, lin panjang putra, panggah datan gumingsir.



8. Asru nabda Ki Kalana Sewandana, payo padha wong becik, sira amalesa, ingsun tamengi jaja, anulya anarik keris, Ki Astracapa, asru panudukneki.



9. Anarajang sira Raden Astracapa, anggoco saking ngarsi, jaja trus walikat, Kalana Sewandana, erah sumamburat tebih, wadya Ngurawan, majeng arsa ngebyuki.



10. Dupi mulat Ki Bramana Kanda, yen kang Putra wus kantun, anulya rinebat, binekta mring nagara, tan ana ingkang udani, sirna Narendra, dene datan kaeksi.



11. Ki Tumenggung langkung ing dukanira, sasirnane Sang Aji, datan ana wikan, sagunging kang punggawa, wong tanah Sabrang agusis, samya lumajar, sakarine kang mati.



12. Bubar larut wong tanah Sabrang sadaya, kang kacandhak mati, sakarine pejah, sami minggah baita, wus layar baitaneki, munggeng muara, tebih datan kaeksi.



13. Sampun sirna sakathahe mungsuh Sabrang, pakuwon den jarahi, dening wong Ngurawan, sakathane dandanan, den edum sakancaneki, didum warata, marang sabaturneki.



14. Raden Putra wus kondur saking payudan, kang sami menang jurit, samyantuk jarahan, gumuruh swaranira, munggeng ngarsanira singgih, Raden dipatya, ingkang samya lumaris.



15. Kawarnaa sira Sang Prabu Ngurawan, pan sampun mireng warti, wau ingkang putra, menang denira yuda, Cakranagara Dipati, mungsuhe sirna, tan bisa ngrarasati



PUPUH XLI



M i j i l



1. Raden Putra apan sampun prapti, ngarsane Sang Katong, Prabu Ngurawan langkung sukane, baya iki kang bakal narpati, kang darbe nagari, Ngurawan ing besuk.



2. Sri Narendra pinarak sitinggil, sira Sang Akatong, pandhita rara munggeng ngarsane, sadangune wau aningali, maring Raden Panji, mangisor mandhuwur.



3. Yata enget wau Kalisuci, maring Raden Sinom, dyan rinangkul wau lungayane, adhuh putraningsun kaki Panji, sira teka ngendi, atilar kedhaton.



4. Raden Panji matur angabekti, dhateng uwa alon, inggih kawula uwa wiyose, milanipun atilar nagari, inggih angulati, maring Raden Galuh.



5. Pandhita rara wuwuse manis, maring Raden Sinom, adhuh kaki putraningsun Raden, apa uwis kapanggih ta kaki, Nini Sekartaji, iya Raden Galuh.



6. Ki Tumenggung matur angabekti, inggih uwaning ngong, pan kapanggih punika wiyose, gih putranta yayi Sekartaji, duk kala rumiyin, atilar kadhaton.



7. Sri Bupati angandika aris, dhateng Raden Sinom, aneng ngendi putraningsun angger, garwanira iya Nini Putri, matur Raden Panji, wonten Jinem arum.



8. Wau Raden Astracapa aglis, ingutus Sang Katong, animbali mring Raden Galuh, kang liningan lengser saking ngarsi, panggih lan Sang Putri, aneng dalemipun.



9. Raden Astracapa atur bekti, dhateng raka alon, kakang embok kawula wiyose, pan ingutus dhateng Sri Bupati, dika den timbali, marang Sang Aprabu.



10. Kusuma Yu apan sampun kering, lampahira lon, Astracapa tansah neng wurine, lampahira tan kawarneng margi, prapta pancaniti, ngusap sinomipun.



PUPUH XLII



S i n o m



1. Kocapa Putri ing Daha, wus prapta ngarsa Sang Aji, den iring para pawongan, tur sembah ngarsa Narpati, Sang Prabu malajengi, rinangkul lungayanipun, dhuh Nini putraning wang, nora nana yen kapanggih, lawan sira dene ta sampun adama.



2. Nyai Gede ing Pucangan, gepah nulya malajengi, marang Sang Kusuma Daha, adhuh Nini Putra mami, tan nyana tan angimpi, yen sira panggih lan ingsun, dhuh Nini atmaning wang, sira Nini teka ngendi, atur sembah wau Kusuma ing Daha.



3. Kawula pepareng wana, ngulari marganing pati, dupi dungkap wana sonya, kawula inggih kepanggih, utusan Sri Bupati, ing Sabrang ingkang linuhung, ingkang bedhah Ngurawan, punika ingkang amanggih, kula lajeng jejuluk Citralangenan.



4. Ngandika Prabu Ngurawan, yen mangkono Raden Panji, arinira Astracapa, ingkang ingsun pundhut kaki, sun panggihken ugi, iya marang putraningsun, lawan Retnakumuda, tur sembah Rahaden Panji, gih sumangga punapa karsa Narendra.



5. Ngandika Pandhita Rara, dhumateng Sri Narapati, yen makaten yayi Nata, luhung utusan rumiyin, ing raka Paduka Ji, ing Jenggala Sang Aprabu, inggih ngaturi wikan, yen putrane sampun prapti, Raden Panji kalawan kadeyanira.



6. Ngandika Prabu Ngurawan, dhumateng ing putraneki, Raden Arya Panyangkringan, sira kaki ingsun tuding, aturna layang mami, marang wakira Sang Prabu, Sri Narendra Jenggala, sira gawaa prajurit, atur sembah sumangga karsa Sang Nata.



7. Wau ta ingkang dinuta, dhumateng Sri Narapati, Raden Arya Panyangkringan, pan wus prapta ing wanadri, nengna ta kang lumaris, kocapa wau sang Prabu, enjing miyos sineba, pepak ingkang pra Dipati, munggeng ngarsa Ki Patih Kudanawarsa.



8. Kocapa Prabu Jenggala, kang lagya nahen wiyadi, musnane Putra Narendra, Raden Inu Kertapati, dene ta sampun lami, Sang Prabu langkung angungum, nengna wau Narendra, kocapa dutane Aji, ing Ngurawan Raden Arya Panyangkringan.



9. Dumrojog suwan ing ngarsa, tur sembah marang Sang Aji, kawula inggih dinuta, dhateng rama Sri Bupati, ing Ngurawan Narpati, ngaturaken nuwalanipun, katura ing Pudaka, nuwala sampun tinampi, gya binuka sinukmeng dalem wardaya.



10. Sri Narendra ing Jenggala, ngandika lir madu gendhis, dhateng Raden Panyangkringan, heh Raden apa wus lami, praptane Raden Panji, Raden Arya wotsantun, nenggih Putra Paduka, Raden Inu Kartapati, sampun lami jejuluk Cakranagara.



11. Sang Aprabu angandika, dhateng wau putraneki, Raden Dipati Prabangsa, lah putraningsun dipati, gawanen surat mami, aturna pamanireku, Sri Narendra Ngurawan, lumakua dipun aglis, anggawaa tandhu joli lan jempana.



12. Raden Arya Brajanata, tur sembah anulya mijil, saking jroning dalem pura, ambekta nawala aji, sira rakyan apatih, wun undhang sawadiyanipun, tandhu joli jempana, sampun sumaos ing ngarsi, miwah rata gerebong lawan geritan.



13. Raden Dipati Prabangsa, wus bubar sawadyaneki, Raden Arya Panyangkringan, tan kari ing lampahneki, marang Ki Adipati, ingiring de wadya agung, sinerang lampahira, mung Ngurawan kang kaesthi, awit adreng dening memanising warta.



PUPUH XLIII



Dhandhanggula



1. Enengena wau kang lumaris, kawarnaa Sang Prabu Ngurawan, siniwaka ing balane, andher munggeng ing ngayun, sumawana para dipati, Tumenggung Sinang Arya, Ki Patih neng ngayun, ngabei kalawan arya, matri anom sadaya sami anangkil, pepak munggeng ngayunan.



2. Tumenggung Cakranagara nangkil, miwah sira Raden Astracapa, wau dipati jajare, Arya Bebangah ngayun, samya seba ngarsa Narpati, kocapa kang lumampah, tan adangu rawuh, wus prapta ing panangkilan, samya cingak sakehe ingkang ningali, praptanira rahadyan.



3. Ki Dipati Brajanata singgih, lawan Raden Arya Panyangkringan, Ki Patih munggeng wurine, wus panggih lan Sang Prabu, awotsekar Ki Adipati, kawula pan dinuta, dhateng Rama Prabu, ngaturaken kang nawala, sigra katur marang ri Sang Narapati, sampun sinukmeng driya.



4. Raden Arya Brajanata angling, wau dhateng Ki Cakranagara, adhuh ariningsun Raden, aneng ngendi garwamu, alon matur Ki Adipati, inggih rayi paduka, nenggih Raden Galuh, kang murca ing pagulingan, wiyosipun samangke pinanggih ngriki, kawula boten nyana.



5. Sang Aprabu ing Ngurawan singgih, angandika marang ingkang putra, adhuh putraningsun Raden, sira ngandika mantuk, marang rama Sri Narpati, Rahaden atur sembah, marang Sang Aprabu, sumangga karsa Narendra, anglampahi ing karsa Raduka Aji, kawula pan sumangga.



6. Aluwaran kang sami anangkil, sampun prapta marang dalemira, Ki Brajanata rowange, ngiring kadeyanipun, sumawana para dipati, wus mantuk sowang-sowang, Rahaden Tumengung, wus panggih lan garwanira, Kusuma Yu Putri Adi ing Kedhiri, Dewi Candrakirana.



7. Kusuma Sang Lesminingpuri, sareng mirsa lawan ingkang raka, anulya tur sembah age, Brajanata amuwus, adhuh yayi sadulur mami, dene nora anyana, yen panggih sireku, umatur Kusuma Daha, pan kawula kakang tan nyana apanggih, kalawan Jeng Paduka.



8. Brajanata angandika aris, wau dhateng Raden Kasatriyan, adhuh ariningsun dhewe, iya rama Sang Prabu, langkung lengleng ing sira yayi, lah payo amuliha, ing Jenggala kruwun, Rahaden matur sandika, lah sumangga punapa karsa Dewaji, kawula tan lenggana.



9. Raden Putra apan sampun pamit, dhateng kang rama Sri Naranata, Sang Prabu alon delinge, dhuh kaki putraningsun, rineksaa ing dewa luwih, jawata nawa sanga, ngreksaa sireku, Kusumayi ing Mamenang, sampun pamit sadaya maring Narpati, miwah Ki Astracapa.



10. Sampun pepak sagung wadya alit, ingkang arsa mantuk ing Jenggala, jolang joli lan tandhune, grebong jempana agung, miwah rata saos ing ngarsi, miwah kang wadyabala, sumaos ing ngayun, sumawana kang titihan, sampun pepak sadaya munggeng ing ngarsi, kasmaran kang tumingal.



PUPUH XLIV



Asmaradana



1. Anulya mangkat tumuli, Kusuma Candrakirana, wus anitih joli kaot, kalawan Dewi Onengan, sampun nitih jempana, waos jinggring munggeng ngayun, waos ponthang keri kanan.



2. Lir pendah sela blethiki, wadyabala Tumenggungan, kang sami dherek lampahe, Tumenggung Cakranaga, ingkang lumampah ngarsa, kang dados pangajengipun, Sang Dipati Brajanata.



3. Nitih liman Ki Dipati, lelarab sangkelat abang, endah palisire ijo, akekapa kayu teja, sanggawedhi mas retna, pinatik ing inten muruh, pinayungan kertas jenar.



4. Raden Arya Wukirsari, anulya nitih turangga, adhawuk abang ulese, larabe sangkelat jenar, palisir cindhe kembang, cecithak pan inten murub, kekapa kayu kenanga.



5. Raden Bebangah neng wuri, apan sarwi nitih kuda, asekar duren gulune, kekapa kayu timaha, kendhali sura rengga, alelarah sangklat biru, kocapa Ki Astracapa.



6. Nitih kuda jangjang kuning, larabe sangkelat abang, endah palisire cindhe, ebege tinon amubyar, gegiwange kancana, cecithak maniking banyu, kekapane kayu teja.



7. Kendhaline wesi kuning, Kuda samarga adhehan, nulya wurine Rahaden, Tumenggung Cakranaga, respati nitih kuda, kore ules dhawuk ruyung, awasta pun Layar Durga.



8. Larabe sangkelat acih, palisire cindhe kembang, ebegipun pudhak wangkong, gegiwange kancana, apuse cindhe pinluntu, kendhali sura rinengga.



9. Arja songsong kretas kuning, lir Bathara Kamajaya, sambada lan prajurite, angapit ing keri kanan, kang lumampah ing ngarsa, Ki Ngabei Macanwulung, pra samya nitih turangga.



10. Raden Arya Banyaktulis, ingkang dherek Ki Dipatya, sarya nitih kuda kaot, ulesipun abang tuwa, larab sangkelat jenar, palisire cinche wungu, kekapane kayu nangka.



11. Kendhaline wesi putih, ebege pinraba mubyar, apuse pan sutra ijo, sangga wedhi kuning banjar, songsonge kretas jenar, yen dinulu lengguk-lengguk, lumampah ing wuri pisan.



12. Wus lepas lampahneki, Tumenggung Cakranagara, den iring ing kadeyane, kapungkur nagri Ngurawan, tan kocapa samana, pan cinendhak critanipun, lampahe Putra Srinata.



PUPUH XLV



S i n o m



1. Nengna wau kang lumampah, mocapa Sri Narapati, Sang Aprabu ing Jenggala, enjing amiyos tinangkil, pepak para dipati, satriya para tumenggung, ngabei sinang arya, sadaya sami anangkil, tan kawarna kasaru gegering jaba.



2. Praptane Ki Brajanata, apan sarya nitih esthi, pinayungan kretas jenar, wus prapta ing pancaniti, sagunging para mantri, den sengguh mungsuh kang rawuh, sagunge wong Jenggala, atembak pinggiring margi, aningali dipati kang lagi prapta.



3. Wus lajeng ing lampahira, Sang Nata sareng ningali, marang sira Paden Putra, kanthen asta lan Sang Putri, sareng samya tur bekti, sumungkem pada Sang Prabu, Sang Prabu angandika, wau dhateng putra kalih, adhuh Nini putraningsun alinggiha.



4. Ki Undhakan Astracapa, tur sembah marang Sang Aji, lawan Raden Waudita, Arya Babengah tan kari, tur bekti mring Sang Aji, Sang Nata suka kalangkung, ningali Putranira, samya andher munggeng ngarsi, Sadulur Prasanta pan atur sembah.



5. Sang Prabu Cintakapura, wuwuse lir madu gendhis, wau dhateng putranira, Raden Inu Kertapati, paran mulane kaki, teka atilar kedhaton, umatur Raden Putra, pukulun Sang Adewaji, pan kawula ngulari putra paduka.



6. Putri Adi ing Mamenang, kang murca kalaning wengi, punika kang dados manah, kang tansah ulun padosi, ingkang mindha wewasi, Sang Nata langkung gegetun, mireng aturing putra, kang mindha Kirana nguni, gih punika lare saking Pejagalan.



7. Putrane Bremanakenda, kang aneng Gegelang nenggih, punika kang mindha-mindha, Putri Adi ing Kedhiri, karsane dewa luwih, kinarya lelakon ulun, ngandika Sri Narendra, alah iya den abecik, putraningsun iya Raden Rawisrengga.



8. Kadya kang sekar sataman, para putra ingkang nangkil, ingkang munggeng ngarsa nata, raden Inu Kartapati, kang aneng wurineki, Raden Arya Wukirsantun, jejer lan Astracapa, Arya Bebangah ing wingking, Sri Narendra saklangkung marwata suta.


Tidak ada komentar:

Poskan Komentar